NAWALA PRAPASKAH
USKUP AGUNG SEMARANG
Kawaosaké/diterangaké Setu-Minggu, 1-2 Maret 2025
Nindakaké Pasujarahan Ing Pangare-Arep
Para sadulur, Umat ing Keuskupan Agung Semarang kang kinasih,
Ing kalodhangan kang kebak berkah iki, aku ngajak para sadulur kabèh miwiti mangsa Prapaskah sarana nglelimbang pasujarahan kita minangka umat Dalem Gusti. Awaké dhéwé kabèh tumitah ing donya lan ora bakal manggon salawasé urip ananging mung sedhéla. Awaké dhéwé iki sujarah tumapak ing pasujarahan urip tumuju ing Dalaming Allah kang langgeng. Bebasan urip iki mung mampir ngombé.
Ing pasujarahan iki akèh kang wus kita alami, ana kang agawé bungahing ati ananging uga ana kang gawé kuceming ati lan mrihatinaké. Semangat urip bebarengan kang kebak ing paseduluran, rukun lan lung tinulung sajroning urip dadi pengalaman kang agawé bungah. Ananging ora bisa disélaki manawa kita uga ngalami bot répoting urip kang dadi sesangganing urip amarga kasèngan kita kang njalari kita kélangan pangarep-arep.
Minangka warganing masyarakat, awaké dhéwé uga nduwé rasa was sumelang lan kuwatir tumraping manéka warna prakara kang kita adhepi. Prakara-prakara sosial, ékonomi, politik ing negara kita kaya-kaya ora ana rampungé. prakara prakara kaya mangkono iku banjur nuwuhaké rasa kuwatir ing antarané para mudha, amarga ngadhepi kahanan kang kaya-kaya ora ana juntrungé, mliginé ing bab ékonomi lan angèlé golèk gawéan. Akèhing prakara kaya mangkéné iki kang ndadèkaké kita kabèh, luwih-luwih para kadang mudha lungkrah lan pepes atine.
Ing kahanan kang ora gampang kaya mangkéné iki awaké dhéwé diélingaké déning Santo Paulus lumatar seraté marang umat ing Korintus kang kita pireng ing waosan kapindho mau. Ing serat mau Santo Paulus ngandika “Mulané para sadulur kinasih, sing padha kenceng lan panggah, tansah ngudi maju ing pakaryan Dalem Pangéran, marga kowé padha mangerti yèn tansah manunggal ing Gusti samubarang pakaryanmu ora bakal muspra” (1Kor 15:58). Ing waosan Injil Gusti Yésus uga ngélingaké supaya kita tansah lung tinulung, tansah nuntun siji karo sijiné ing pasujarahaning urip iki. Gusti Yésus ngajak kita kabèh supaya minangka warganing Pasamuan kita nduwèni paningal batin kang jero supaya bisa jejeg lan bener anggoné nuntun sapadha-padha. Mokal bisa nuntun kanthi bener yèn wuta paningalé. Mula bener apa kang dingandikaaké déning Gusti Yésus,”Andak wong wuta bisa nuntun wong wuta? Apa ora karo-karoné nuli kecemplung ing luwangan?” (Luk.6:39). Sacara mirunggan Kanjeng Santo Bapa Fransiskus neguhaké para mudha supaya tansah nduwèni kekendelan, awit Gusti Allah ora naté ninggal lakuné ing tengah ndalan (bdk. Christus Vivit No.143).
Para sadulur kang kinasih,
Ing pasujarahan urip iki awaké dhéwé mesti baé kepranggul simpang dalan kang bisa nuwuhaké rasa bingung kudu ngambah dalan sing endi. Malah bisa uga awaké dhéwé kesasar ngambah dalan kang ora bener, yaiku nalika awaké dhéwé isih mburu kepentingané dhéwé ora ngener marang kersané Gusti; nalika kita munthes samangating sapadha-padha; nalika kita rumangsa paling bener, paling suci, paling pinter lan tansah nggolèki kekuranganing liyan.
Sikap-sikap lan watak-watak kaya mangkono iku kang bisa nyendhu pasujarahan kita tumuju marang Allah. Mula kita kudu wani mawas diri lan mbangun sikap pamartobat kang sejati, yaiku ninggal sakabèhing dosa lan urip sing bener, ngener marang Allah. Kita keduwungi sakèhing dosa, kekurangan lan kaluputan kita, ayo ninggal urip, sikap lan watak apus krama, kita brastha tindak kang murang adil. Ayo bebarengan mujudaké pangare-arep kita, kawilujengan kita ing Sang Kristus sarana ngudi urip bebarengan kang kebak asih tresna, ayem-tentrem karta raharja.
Para sadulur kang kinasih,
Ing sajroning mangsa Prapaskah iki awaké dhéwé kaparingan kalodhangan mbangun urip kang sejati sarana olah karohanèn supaya bisa nuwuhaké kasucian. Mula ayo padha migunaaké kanugrahan Dalem Gusti iki sarana nampi sakramèn-sakramèn, mirunggané Ékaristi lan Sakramèn Tobat, sregep sembahyangan lan saraséhan APP ing lingkungan, sarta nindakaké kabecikan lan caos pambiyantu marang sanak kadang kang kekurangan lan mbutuhaké pitulungan.
Pambudaya mbangun sikap tobat lan kasucian iki bisa katunggalaké karo kanugrahan Indulgensi ing sajroning tahun Yubélium 2025 iki. Syarat-syarat amrih bisa nampa Indulgènsi iki bisa kawaca ing panduan kang wus dicawisaké déning Keuskupan Agung Semarang. Sarana nampa Indulgènsi iki awaké dhéwé nampa kanugrahan agung, yaiku pangapuraning dosa lan luwar saka paukuman dosa-dosa kita.
Para sadulur kang kinasih,
Pamartobat lan Indulgènsi dadi pambiyantu nuwuhaké pangarep-arep ing tengahing masyarakat. Yèn awaké dhéwé urip kebak ing pangarep-arep, kita bisa kuat ngadhepi tantanganing urip sing ora gampang iki kanggo nggayuh tatananing urip sing luwih becik lan tumata. Ing pangandel kita yakin, manawa pangarep-arep iku ngemot kapercayan yèn kabecikan bakal kelakon amarga Gusti Allah piyambak kang makarya. Pangarep-arep iku dadi obor lan kekuatan kang nuntun kita tumuju marang Allah Hyang Triniji Suci.
Minangka warganing masyarakat, kita duwé panyuwun muga para pimpinaning praja bisa mujudaké pepréntahan kang ngemungaké karaharjaning masyarakat, iso njaga swasono politik lan démokrasi kang bener, lan bisa nerusaké pembangunan sing warata. Kita uga memuji supaya para pengambating pepréntahan ora mung ngumbar janji ananging bisa mujudaké janji-janjiné kanthi wicaksana sing paring adil kanggo karaharjaning masyarakat. Muga sarana kawicaksanan-kawicaksananing para pangembating pepréntahan warganing masyarakat ora was sumelang manèh ananging sangsaya manteb anggoné padha nglakoni urip.
Mungkasi nawala iki, aku ngaturaké atur panuwun marang Panjenengan kabèh kang kanthi manéka cara padha urun rembug, pamikir, tenaga lan apa baé sing paring teguh ing pangarep-arep mungguhing Pasamuan Suci lan masyarakat. Aku ngajak Panjenangan kabèh nglelimbang téma APP 2025:”Bersekutu dalam Doa, Pertobatan dan Pengharapan”. Ayo padha miwiti mangsa Prapaskah iki kanthi ati kang tinarbuka marang tuntunan Dalem Gusti lan sikap pamartobat kang tulus.
PRANATAN PASA LAN SESIRIK TAHUN 2025
Jumbuh karo apa kang kaserat ana ing Ketentuan Pastoral Keuskupan Regio Jawa tahun 2016 pasal 138 No.2.b, pranatan bab pasa lan sesirik katetepaké mangkéné:
- Dina pasa tahun 2025 dileksanani ing dina Rebo Awu tanggal 5 Maret 2015 lan Jemuah Adi tanggal 18 April 2025. Dina sesirik dileksanani ing dina Rebo Awu lan saben dina Jemuah ing sajroning mangsa Prapaskah nganti tekan Jemuah Adi.
- Tegesé pasa, yaiku ing dina Rebo Awu lan Jemuah Adi iku mung mangan sepisan. Kang wajib pasa, yaiku umat sing wis umur 18 tahun nganti ngancik umur 60 th.
- Tegesé sesirik, yaiku ora mangan daging lan dhaharan liyané sing dadi karemenané ing dina Rebo Awu lan saben dina Jemuah ing sajeroning mangsa Prapaskah. Miturut padatan Pasamuan Suci, umat uga bisa nindakaké sesirik iki saben dina Jemuah ing sajeroning setahun, kejaba yèn dina Jemuah iku ana Pésta wajib miturut kalender liturgi. Kang wajib sesirik yaiku umat kang wis umur 14 tahun.
Amarga pranatan bab pasa lan sesirik iki ènthèng, prayoga manawa umat, sacara pribadi utawa bebarengan ing brayat utawa komunitas bisa nemtokaké piyambak kanggo olah rohani pamartobat lan matiraga sing cocok upamané:
- Saben pribadi, brayat utawa komunitas nemtokaké matiraga (pasa lan sesirik) kang luwih migunaninlan trep karo swasana pribadi, brayat
utawa komunitas. - Ing dina sesirik utawa dina-dina liyané, saben brayat utawa komunitas bisa dhahar saliyané sega ganti bahan liyané.
- Ing sajeroning 40 dina, sacara pribadi utawa bebarengan ing brayat lan komunitas biara milih wujuding pamartobat sing migunani lan ndayani kanggo urip kang luwih becik.
- Saben pribadi, brayat utawa komunitas bisa awèh dedana marang sapa baé kang mbutuhaké.
- Saben pribadi, brayat utawa komunitas bisa ngisi mangsa Prapaskah iki sarana gladhi rohani, kayata maos Kitab Suci, nglelimbang renungan APP, rékoleksi/retrèt, sembahyang dalan pamenthangan, nampa sakramèn rekonsiliasi (tobat), mèditasi, utawa adorasi. Téma APP tahun 2025, yaiku “Bersekutu dalam Doa, Pertobatan dan Pengharapan”. Téma iki wis kajlèntrèhaké ana ing buku panduan APP kang wus kacawisaké déning Panitia APP Keuskupan Agung Semarang.
Semarang, 27 Februari 2025
Pèngetan Mertobaté Santo Paulus, Rasul
† Robertus Rubiyatmoko
Uskup Agung Semarang
Nawala/Serat Prapaskah Uskup Agung Semarang ingkang format PDF saged dipunpriksani mawi link menika