BSB – Langit sumilak padhang amayungi Gereja Santo Petrus Krisologus BSB, nalika lare cacah 50 nampa Komuni Pertama anambut Salira lan Rah Dalem Sang Kristus, inggih punika wekdal ingkang sepisanan tumrap lare nampi komuni ing Dinten Adi Salira lan Rah Kristus, 22 Juni 2025. Busana sarwa pethak ingkang dipunangge kados mratandhani bilih lare-lare sampun siap nampi Salira Dalem Gusti.
Sesampunipun kirang langkung 7 wulan lare-lare dipunsiapaken kanthi pangajab sampun pantes anampi Salira lan Rah Dalem Sang Kristus. Piwucal-piwucal saking Panjenenganipun Gusti Yesus dipuntepangaken dhumateng lare-lare calon Komuni Pertama. Saperangan kegiyatan ingkang nyata dipunleksanaaken kanthi paring pembekalan tumrap para calon Komuni Pertama.

Kawiwitan saking wucalan bab tresna-asih, para putra-putri dipunajak anjangsana dhateng Panti Asuhan Cacat Ganda Bhakti Asih, Semarang, sareng-sareng kaliyan tiyang sepuh para calon Komuni Pertama Paroki Santo Petrus Krisologus, BSB, Semarang.
Kegiyatan punika kaleksanan ing dinten Minggu, surya kaping 24 Mei 2025. Para putra-putri dipunajak srawung kanca-kanca ingkang gadhah kabetahan mirunggan. Para peserta ketingal nyawiji mirengaken crita, saha saged ningali semangat ingkang panggah murub ing satengahipun kahanan sarwa winates, saha saged sinau bilih kabahagyan boten namung bab anggadhahi, nanging kepara langkung-langkung bab weweh lan paring kawigatosan. Watak ingkang prasaja kadosdene mirengaken kanthi premati, dolanan sesarengan, punapa namung nggegem tangan kemawon sampun saged dados winih empati ingkang thukul ing sajroning batos.

Sasampunipun anjangsana dhateng Panti Asuhan Cacat Ganda, para calon Komuni Pertama anglajengaken lampah tumuju Museum Misi Katolik ing Susteran Ordo Santo Fransiskus (OSF) ‒ Fransiskanes Semarang ing Gedangan. Ing papan punika cariyos riwayat kasudiranipun para suster pawartos iman kacathet tuwin kaimpun ing artefak, foto, lan cathetan sujarah.
Ing museum punika, para calon Komuni Pertama saged ningali kadospundi dene para Suster OSF ngadhepi tantangan lan pambengan ing bab martaaken iman Katolik mliginipun ing Semarang, lan ing saindenging Indonesia umumipun. Kanthi kebak ing pangurbanan, para suster boten namung martaaken Dhawuh Sang Kristus, ananging ugi ndherek udhu ing babagan pawiyatan, kasarasan, lan kamakmuran sosial.

Ensiklik Laudato Si’ bab lingkungan hidup lan pamrayogi bab anggenipun ngrimat alam minangka rumah bersama tumrap sadaya ingkang gesang ugi dipunwucalaken dhateng lare-lare calon Komuni Pertama lumantar Rekoleksi Alam kanthi irah-irahan tema “Peziarahan Hidup Bersama Alam”. Lare-lare dipuntepangaken dhumateng alam padesan ingkang taksih murni lan ndhedher winih ulam minangka sarana nyataaken lestantunipun ciptaan.
Mugi-mugi saking kegiyatan nyata punika lare-lare ingkang badhe nampi Komuni Pertama manggih lan pantes nampi Salira lan Rah Dalem Sang Gusti. (Bid. Pewartaan Paroki BSB)