Saraséhan Kapisan
DADI BRAYAT KANG TANGGUH

Ancas Tujuan
Umat sangsaya nyadari perluné brayat kang tangguh ing babagan pangandel uga ing bab karaharjan kanggo mujudaké brayat
katolik kang sejati.

Cecala
Pandemi covid-19 kang nempuh masyarakat kita uga dirasakaké ing tengah-tengahing brayat. Akèh brayat katolik kang tansah mbudidaya amrih karaharjaning brayat tetep bisa kajaga kanthi becik. Mula saka iku kang perlu kanggo brayat-brayat katolik yaiku tansah teteg lan tangguh ing pangandel.

Ing sarasehan kapisan iki brayat-brayat katolik kaajak nglelimbang kepriyé ing swasana kang ora gampang iki tetep mbudidaya amrih piwulang-piwulang katolik, padatan-padatan Pasamuan Suci bisa tetep katindakaké ana ing brayat-brayat. Injil Luk 21:25-28, 34-36 bisa dadi lelimbangan
ing sarasehan kang kapisan iki.

A.Pambuka
1. Kidung Pembuka
2. Sembahyang Pambuka
Sembahyangan punika namung conto, saged dipun damel piyambak.

Dhuh Allah ingkang mahasih, kawula muji syukur ingarsa Dalem awit Panjenengan Dalem sampun prajanji badhé ngutus Putra Dalem, Gusti kawula Sri Yésus Kristus. Kawula ugi munjuk sembah nuwun awit manéka warni leladosan ingkang sampun kalampah sinaosa kawula ngalami swasana ingkang awrat amargi pandemi covid-19. Paringana semangat kanggé kawula sadaya, langkung-langkung sadaya brayat katolik amrih sangsaya dados
brayat ingkang teteg-tangguh lan saged ngedalaken who kasaénan ing gesang padintenan. Lantaran Sang Kristus Gusti kawula. Amin

3. Lilin Korona kauripaké
P: Gusti, paringa pepadhang dhateng umat Dalem mawi cahyaning katresnan Dalem.
U: Supados kawula saged dados pepadhang tumrap sesami.
P: Dhuh Rama, paringa welas asih Dalem dhateng para abdi Dalem ingkang ngantu-antu rawuhipun Putra Dalem. Paringa pepadhang dhateng petenging manah kawula ingkang ngantu-antu rawuhipun Putra Dalem. Kados déné sunaring lilin punika, kawula nyuwun mugi gesang kawula kaparingana pepadhang Dalem Sang Kristus supados dados brayat ingkang teteg-tangguh. Lantaran Sang Kristus Gusti kawula.
U: Amin

B. Nglelimbang Pengalaman
1. Data-data
Data adhedhasar survey: responden 305; 74,4% tiyang nem (15-35 th.), 22,6% tiyang diwasa (36-60 th.), remaja (1%) lan lansia (2%). Hasilé:
a. Mèh kabèh respondèn sarujuk manawa Allah kang dipercaya sajeroné pandemi yaiku Allah kang ngancani lan ngayomi tinimbang Allah kang paring paukuman.

b. Kabèh uga sarujuk manawa kanggo nguataké pangandel kudu padha gentur sembahyange sacara pribadi ing wayah rina utawa wengi. Lan sarana
sembahyang kuwi mau padha ora was sumelang manèh.

c. Kabèh padha yakin manawa Allah paring pitulungan sarana obat-obatan lan sarana-sarana keséhatan liyané.

d. Mèh kabèh padha yakin manawa pandemi iki ndadèkaké para rseponden sangsaya rumaket marang Gusti Allah.

e. PPKM dirasakaké ora dadi pepalang anggoné padha nindakaké pangibadah awit isih iso padha nindakaké pangibadah sanadyan mung nganggo sarana media digital.

f. Ing sajeroning pandemi, pangandel kudu mawujud ana ing tumindak.

g. Para pangareping agama kudu ngajak umaté tansah tanggap lan mbudidaya murih pandemi iki disangga lan dirampungi bareng-bareng.

Covid-19 ora mung pagebluk awujud lelara ananging bisa nyadharaké kita kabèh perluné lung tinulung tanpa pamrih. Pandemi dadi panjurung anggon kita padha nguataké pangandel kang kita ugemi bebarengan.

2.Wawan rembug
a. Adhedhasar survey kala wau, punapa pamanggih panjenengan?
b. Kados pundi pengalaman brayat panjenengan nalika ngadhepi kawontenan ingkang awrat lan nguwatosaken salebetipun pandemi covid-19?

C. Nglelimbang Sabda Dalem Gusti
1. Waosan Injil Luk 21: 25-28.34-36
“Mbésuk bakal ana pretandha-pretandha sing katon ana ing srengéngé, rembulan lan lintang-lintang. Ing bumi bangsa-bangsa bakal padha gumeter, merga gumlegeré segara lan ombaké sing nggegirisi. Akèh wong sing bakal padha klenger saking wediné, merga ngrasakaké apa sing bakal kelakon
ana ing jagad. Sebab kekuwatan-kekuwatan sing ngatur lakuné jagad raya bakal kisruh. Ing wektu kuwi Putrané Manungsa bakal rawuh ana ing méga, ngagem kamulyan lan pangwasa gedhé. Yèn kabèh mau wiwit kelakon, padha siyagaa lan tumengaa, sebab ora suwé menèh kowé bakal padha kaluwaran.”

“Padha jaganen awakmu dhéwé. Aja nganti kowé mung mikir enggonmu pésta-pésta waé; aja kakéhan mikiraké bab ruwet-rentenging uripmu, nganti bareng Dinané Pangéran teka dadakan, kowé ora cumawis. Sebab tekané dina kuwi presasat kala, kanggo njiret wong sajagad kabèh. Padha siyagaa, lan tansah ndedongaa, supaya kowé diparingi kekuwatan bisa ngalami sing bakal kelakon mau kabèh kanthi slamet, sarta bisa sowan ing ngarsané Putrané Manungsa.”

2.Suraosing Sabda Dalem Gusti
• Injil Luk 21: 25-28.34-36 iki nedahaké bab pungkasaning zaman. Sandayan bab iki ora gampang
dimangertèni ananging bab pungkasaning zaman ngajak kita padha mbangun pangarep-arep rawuh Dalem Gusti Yesus Kristus kang kapindho.

• Injil Lukas nggambaraké anané pangadilan kang pungkasan, yaiku manawa umat manungsa bakal nyawang Putraning Manungsa tumurun ana ing awang-awang. Injil Lukas iki paring gegambaran ananing pangarep-arep lan keyakinan kang jero. Mula kita kaajak ora perlu was lan sumelang ananging tetep nduwèni pangarep-arep manawa bakal ngrasakaké kahanan kang sarwa becik.

• Advèn dadi kalodhangan kang mirunggan kanggo mbangun pangarep-arep lan urip anyar. Kita kaajak nyawisaké ati kanthi suka gambira mapag rawuh Dalem Sang Kristus ora mung sacara tata lair ananging uga ing babagan karohanèn (sarana nampa sakramèn- sakramèn, luwih-luwih pahargyan Ékaristi) supaya ngrasakaké maknaning rawuh Dalem Sang Kristus kanthi semuwa lan pangarep-arep kang anyar murih
brayat-brayat sangsaya teteg-tangguh ngadhepi bot repoting ngaurip luwih-luwih ing madyaning kahanan merga anané pandemi covid-19 kang durung padha mangerti kapan bakal rampungé.

D. Panutup
1. Ngresepaké panglimbang
Meneng sedhéla watara 5-10 menit kanggo ngresepaké lelimbangan mau?

Apa maknaning rawuh Dalem Gusti Yésus Kristus ing tengah-tengah kita? Apa kita pancèn adreng banget anggoné ngantu-antu rawuh Dalem Gusti? Ing sajeroning PPKM, kabèh padha nutup kori, apa awaké dhéwé tetep mbuka ati kanggo brayat, sanak kadang pawong mitra ing sakiwa tengen kita?

Mbangun niat:
Ing sajeroning pandemi iki ayo padha ngipuk-ipuk katresnan marang pepadha, wani andum berkah marang pepadha luwih-luwih kang ngalami panandhang amarga covid-19. Tansah nyuwun kekuatan Dalem Gusti kanggo brayat amrih tansah ngatonaké tanggung jawabé, tansah sabar lan nduwèni pangarep-arep kang gedhé.

2.Sembahyang Panutup
Dhuh Allah Rama ingkang mahaasih, kawula munjuk sembah nuwun karana katresnan Dalem ingkang milujengaken kawula. Kawula sesuwunaken sanak kadang kawula ingkang sami nadhang sisah lan sedhih amargi covid-19. Mugi karana sih kamirahan Dalem, sadaya ingkang nandhang sakit kaparingan kasarasan lan ingkang nandhang sisah kaparingan panglipur. Paringa kekiatan ugi dhateng brayat-brayat amrih tansah kiat lan tatag ngadhepi manéka warni prakawis ingkang nempuh brayat-brayat wau. Lantaran Sang Kristus Gusti kawula. Amin

3. Kidung panutup