Saraséhan Kaping Telu
BRAYAT KATOLIK DADI “ECCLESIA DOMESTICA”
Ancas Tujuan
Umat sangsaya nyadhari manawa brayat iku dadi papan tuwuh
suburing pangandel lan kapribadèn kang diwasa lan utuh saéngga
bisa kasebut pasamuan suci.
Cecala
Brayat minangka “Ecclesia Domestica” dadi lelimbangan ing saraséhan kang kaping telu. Sebab brayat iku bisa kasebut papan pawiyatan kanggo para putra ing babagan pangandel, kawruh, sikap, watak wantu, lan kautaman-kautaman becik liyané. Mula ing saraséhan kaping telu iki kita kaajak
nglelimbang supaya brayat bisa ngatonaké timbalané anggoné dadi guru, imam lan ratu kaya déné Sang Kristus. Waosan kang bakal kanggo dhasar lelimbangan kita yaiku Injil Luk 3: 10-18
A. Pambuka
1. Kidung Pembuka
2. Doa Pembuka
Dhuh Allah Rama ingkang mahamirah, kawula ngaturaken agenging panuwun ingarsa Dalem déné kawula kaparingan sih nugraha lumantar brayat
kawula piyambak-piyambak. Kawula nyuwun ingarsa Dalem, mugi brayat-brayat kawula saged dados papan ingkang ngremenaken anggènipun sami nggegulang kapitadosan saèngga brayat kawula dados lambanging pasamuan suci Dalem. Lantaran Sang Kristus Gusti kawula. Amin
3. Lilin Korona kauripaké
P: Gusti, paringa pepadhang dhateng umat Dalem mawi cahyaning katresnan Dalem.
U: Supados kawula saged dados pepadhang tumrap sesami.
P: Dhuh Rama, paringa welas asih Dalem dhateng para abdi Dalem ingkang ngantu-antu rawuhipun Putra Dalem. Paringa pepadhang dhateng petenging manah kawula ingkang ngantu-antu rawuhipun Putra Dalem. Kados déné sunaring lilin punika, kawula nyuwun mugi gesang kawula kaparingana pepadhang Dalem Sang Kristus supados dados brayat ingkang teteg-tangguh. Lantaran Sang Kristus Gusti kawula.
U: Amin
B. Nglelimbang Pengalaman
1. Nyimak dokumèn Amoris Laetitia
“Semua dimulai dari Keluarga”
Ringkasan dari dokumen Amoris Laetitia Art. 260, 274, 276, 290
Keluarga harus menjadi tempat dukungan, pendampingan dan bimbingan, meskipun harus memikirkan kembali metode-metodenya dan menemukan sumber-sumber daya baru. Orangtua perlu mempertimbangkan apa yang mereka ingin beberkan kepada anak-anaknya.
Itulah sebabnya, ia harus memperhatikan siapa yang bertanggung jawab terhadap waktu luang dan hiburan bagi mereka, siapa yang memasuki ruangan mereka melalui televisi dan peralatan elektronik, dan pada siapa mereka memercayakan anak-anaknya untuk membimbing mereka di waktu senggang mereka. Hanya jika kita meluangkan waktu bagi anak-anak kita, memperbincangkan hal-hal penting dengan sederhana dan penuh perhatian, dan menciptakan pilihan sehat bagi mereka untuk mele- watkan waktu, barulah kita bisa melindungi mereka dari mara bahaya. Kita harus selalu waspada. Pengabaian tidak pernah sehat. Orangtua harus membimbing dan mempersiapkan anak-anak dan remaja agar mampu menghadapi situasi di mana terdapat risiko, misalnya agresi, pelecehan atau ketergantungan obat.
Keluarga merupakan sekolah pertama nilai-nilai kemanusiaan, di mana dipelajari penggunaan kebebasan dengan baik. Sejumlah kecenderungan tertentu berkembang pada anak-anak dan menjadi begitu dalam berakar sehingga kecenderungan tersebut menetap sepanjang hidup, entah sebagai ketertarikan terhadap nilai-nilai tertentu atau penolakan spontan terhadap cara berperilaku tertentu. Banyak orang bertindak sepanjang hidupnya dengan cara tertentu karena mereka menganggap benar cara bertindak yang telah diserap sejak masa kanak-kanak mereka tersebut, seperti proses osmosis: “Demikianlah telah diajarkan kepada saya”. “Itulah apa yang telah berkali-kali mereka ajarkan kepada saya.” Di dalam lingkungan
keluarga juga dapat diajarkan untuk memilah-milah secara kritis pesan-pesan yang dikirim lewat berbagai media. Sayangnya, sejumlah program televisi atau aneka bentuk iklan seringkali berpengaruh negatif dan memerosotkan nilai-nilai yang telah ditanamkan dalam kehidupan keluarga.
Keluarga merupakan ajang utama bersosialisasi, karena di sini- lah kita pertama kali belajar berelasi dengan orang lain, mendengar- kan dan berbagi, mendukung dan menghargai, saling tolong-menolong dan hidup bersama-sama. Tugas mendidik adalah membangkitkan perasaan di dunia dan masyarakat sebagai “suasana keluarga.” Itu adalah pendidikan untuk mengetahui bagaimana “tinggal” di luar batas rumahnya sendiri. Di dalam keluarga orang belajar tentang kedekatan, kepedulian dan rasa hormat kepada orang lain. Di dalam keluarga dipatahkan awal lingkaran keegoisan yang fatal untuk mengakui bahwa kita hidup bersama dan berdampingan dengan orang-orang lain yang layak memperoleh perhatian kita, kebaikan kita, kasih sayang kita. Tidak ada ikatan sosial tanpa dimensi keseharian ini, yang hampir-hampir tak terlihat dengan mata telanjang: hidup bersama dalam kedekatan, dengan bersimpang jalan di berbagai momen harian, dengan peduli akan segala sesuatu yang mempengaruhi kita, dengan saling membantu satu sama lain dalam hal-hal kecil setiap hari. Keluarga setiap hari harus menemukan cara-cara baru untuk meningkatkan saling penghargaan.
Keluarga dengan demikian merupakan agen kegiatan pastoral khususnya melalui pewartaan Injil dan warisannya berupa berbagai bentuk kesaksian, antara lain: solidaritas dengan kaum miskin, keterbukaan terhadap beragam orang; perlindungan terhadap ciptaan; solidaritas moral dan material dengan keluarga-keluarga lain, terutama mereka yang paling membutuhkan; komitmen untuk memajukan kebaikan bersama, dan juga melalui transformasi struktur sosial yang tidak adil, dimulai dari wilayah di mana keluarga itu tinggal; dan mempraktikkan karya belas kasih jasmani dan rohani.” Semua ini harus diletakkan dalam keyakinan paling berharga dari umat Kristiani: kasih Bapa yang menopang dan memperkembangkan kita, yang diejawantahkan dalam pemberian diri sepenuh-penuhnya Yesus Kristus, yang sekarang hidup di tengah-tengah kita dan memampukan kita menghadapi bersama-sama seluruh badai kehidupan dan semua tahap kehidupan. Juga, di dalam hati sanubari setiap keluarga – kerygma harus didengungkan, dalam segala kesempatan sehingga menerangi di sepanjang jalan. Kita semua harus bisa berkata, dari pengalaman hidup kita di dalam keluarga, “Kita telah mengenal dan telah percaya akan kasih Allah kepada kita” (1Yoh 4:16). Hanya berdasarkan pengalaman ini reksa pastoral Gereja untuk keluarga-keluarga akan memampukan mereka menjadi Gereja rumah tangga sekaligus menjadi ragi evangelisasi di masyarakat.
2. Wawan rembag
a. Saking teks Amoris Laetitia kala wau pérangan pundi ingkang narik kawigatosan panjenengan?
b. Punapa kémawon ingkang sampun kabudidaya murih keluarga saged dados pasamuan suci?
c. Punapa kémawon ingkang sampun dipun budidaya amrih keluarga saged netepi timbalanipun minangka guru, imam lan ratu?
C. Nglelimbang Sabda Dalem Gusti
1. Bacaan Injil Luk 3: 10-18
Wong akèh mau nuli padha takon marang Yohanes: “Menawi mekaten, lajeng menapa ingkang kedah sami kula lampahi?” Wangsulané Yohanes: “Sapa sing duwé klambi loro, sing siji kudu diwènèhaké marang sing ora duwé klambi. Sapa sing duwé pangan, kudu mènèhi pangan marang sing ora duwé.”
Pegawé-pegawé pajeg uga padha marani Yohanes nyuwun dibaptis. Wong mau padha matur marang Yohanes mengkéné: “Guru, kula kedah sami nglampahi menapa?” Wangsulané Yohanes: “Aja padha narik pajeg ngluwihi saka sing wis ditetepaké.”
Uga para prejurit padha nyuwun pirsa: “Lha kula, Guru, kula kedah nglampahi menapa?” Wangsulané Yohanes: “Aja padha meres sapa waé lan aja ngrampas, utawa ndakwa wong sing ora sabeneré; cukup ora cukup, uripa saka pametumu dhéwé.”
Nalika semana akèh wong sing padha ngarep-arep marang rawuhé Sang Mèsias. Mulané akèh sing padha duwé pengira yèn Yohanes kuwi pancèn Sang Mèsias. Merga saka kuwi Yohanes banjur ngandika marang wong-wong mau: “Aku iki mbaptis kowé nganggo banyu, nanging mbésuk bakal ana Wong sing luwih kwasa ketimbang aku. Panjenengané bakal rawuh, lan senajan mung nguculi taliné trumpahé waé aku ora patut. Panjenengané sing bakal mbaptis kowé nganggo Hyang Roh Suci lan mawa geni. Panjenengané wis samekta napèni pariné sing wis ditutu. Berasé bakal dilebokaké ing lumbung, nanging mrambuté bakal diobong ing geni sing ora bisa sirep!” Kaya mengkono mau enggoné Yohanes mulang marang wong akèh nganggo patrap rupa-rupa, sajroné martakaké Injilé Allah.
2. Suraosing Sabda Dalem Gusti
• Yohanes Pembaptis ngajak kita supados kita sami cecawis dhiri mapag rawuh Dalem Gusti. Kanggé cecawis dhiri punika, Yohanes Pembaptis ngémutaken supados ingkang sami kagungan ageman rangkep kedah wani mbagi dhateng tiyang sanès, para juru mupu béa dipun dhawuhi supados mboten nyuwun langkung kaliyan ingkang sampun katetepaken, lan dhateng para prajurit supados mandheg anggènipun nyikara tiyang sarta wani cekap kaliyan punapa ingkang sampun katampi. Intinipun, Yohanes Pembaptis ngajak kita mbangun sikap pamartobat ingkang saèstu.
• Ing papanggihan ingkang kaping tiga punika kita ugi kaajak nglelimbang amrih brayat kita dados pasamuan suci lan dados papan kanggé nggladi kasucian, dados pawiyatan kanggé mbangun kasusilan sarta dados papan kanggé ngemong para putra.
D. Panutup
1. Ngresepaké panglimbang
Wening watara 5-10 menit
Ngresepaké ing sajeroning batin:
Brayat kudu bisa dadi sumbering kautaman-kautaman, dadi papan kanggo anggoné padha sinau piwulang-piwulang becik supaya kabèh wong sabrayat sangsaya diwasa lan wani kautus dadi imam, guru lan ratu.
2. Sembahyang Panutup
Dhuh Allah Rama ingkang mahaagung, kawula muji syukur awit rumentahing berkah kanggé brayat-brayat kawula. Kawula nyuwun mugi brayat-brayat kawula saged netepi timbalanipun dados papan tuwuh suburipun kautamèn-kautamèning agesang. Lantaran Sang Kristus Gusti kawula. Amin
3. Kidung Panutup