Saraséhan Kaping Papat
BRAYAT BUNGAH LAN NGETOKAKÉ
WOH ING JRONING URIP

Ancas Tujuan
Umat kaparingan kekuatan ndadèkaké brayat dadi ragi
paseksèning Injil ing tengahing masyarakat, sangsaya bungah lan
bisa ngetokaké wohing katresnan.

Cecala
Salah sijining bab kang dadi kawigatèning Ardas yaiku supaya brayat-brayat katolik dadi “Seminari Dasar”. Iki ngemu teges manawa brayat iku dadi papan kanggo tuwuh suburing timbalan lan kanggo ndhedher kautaman-kautamaning Injil. Kautaman-kautaman Injil iku perlu banget supaya sapa baé kang dadi péranganing brayat dadi pribadi kang sangsaya diwasa, pangandelé sangsaya kuat lan ngrembaka, sarta kasusilané bisa dadi tepa tuladha. Kanggo neguhaké timbalan brayat minangka “Seminari Dasar” kita bakal nglelilmbang Injil Luk 1: 39-45.

A. Pambuka
1. Kidung Pambuka
2.Sembahyang Pambuka
Allah Rama ingkang mahaasih, kawula munjuk sembah nuwun ingarsa Dalem déné Panjenengan Dalem nimbali brayat-brayat ing saindenging bawana dados papan tuwuh suburipun timbalan lan semangat mangrasul ing tengahing masyarakat. Mugi brayat-brayat kawula tansah kaparingan kekiatan amrih brayat-brayat kawula dados brayat ingkang tangguh, tansah bingah lan saged ngedalaken woh ing madyaning masyarakat. Lantaran Sang Kristus Gusti kawula. Amin.

3. Lilin Korona kauripaké
P: Gusti, paringa pepadhang dhateng umat Dalem mawi cahyaning katresnan Dalem.
U: Supados kawula saged dados pepadhang tumrap sesami.
P: Dhuh Rama, paringa welas asih Dalem dhateng para abdi Dalem ingkang ngantu-antu rawuhipun Putra Dalem. Paringa pepadhang dhateng petenging manah kawula ingkang ngantu-antu rawuhipun Putra Dalem. Kados déné sunaring lilin punika, kawula nyuwun mugi gesang kawula kaparingana pepadhang Dalem Sang Kristus supados dados brayat ingkang teteg-tangguh. Lantaran Sang Kristus Gusti kawula.
U: Amin

B. Nglelimbang Pengalaman
1. Ayo padha nyimak apa kang kawedhar ana ing RIKAS road map 2021-2025 bab brayat.
a. Semakin banyak pasangan suami isteri yang aktif membangun ketahanan keluarga dalam seluruh aspeknya.
b. Makin terbukanya asesibilitas bagi keluarga untuk mendapat informasi tentang program-program kesejahteraan yang ditawarkan oleh instansi instansi yang ada demi terpenuhinya kebutuhan asasi hidup anak.
c. Semakin banyak keluarga yang sadar akan identitasnya sebagai Gereja mini, sekolah mini, dan seminari dasar bagi pertumbuhan iman dan panggilan anak.
d. Tumbuhnya kerja sama antar Crisis Centers di wilayah kerja KAS dengan Crisis Centers lainnya

2. Ngresepaké lelimbangan
Adhedasar RIKAS iku apa kang bisa kita tindakaké supaya brayat-brayat katolik bisa dadi “Seminari Dasar”?

C. Nglelimbang Sabda Dalem Gusti
1. Injil Luk 1: 39-45
Ora let suwé Dewi Maria banjur lunga menyang sawijining kutha ing tanah Yudéa, sing dunungé ana ing pegunungan. Ana ing kono Dewi Maria njujug ing omahé Imam Zakharia. Nalika mlebu ing omah mau, Dewi Maria celuk-celuk karo awèh salam marang Élisabèt. Bareng krungu swarané Dewi Maria awèh salam mau, jabang bayi sing ana ing guwagarba Élisabèt nglumba, lan Élisabèt dhéwé kapenuhan déning
Hyang Roh Suci, banjur nguwuh kanthi sora, sarta munjuk: “Sami-sami wanita panjenengan tuhu pinuji lan pinuji ugi wohing guwagarba panjenengan. Sinten ta kula iki, déné ngantos karawuhan ibuning Gusti kula? Mergi nalika kula mireng swanten uluk salam, jabang bayi ing guwagarba kula nglumba krana saking bungahipun. Rahayu, déné panjenengan pitados, bilih ingkang dingandikakaké déning Gusti Allah dateng panjenengan, niku bakal kaleksanan!”

2. Suraosing Sabda Dalem Gusti
• Lumantar waosan punika Lukas ngajak kita supados nuladha ibu Maria ingkang sasampunipun nampi kabar kabingahan saking malaékat lajeng mrepegi ibu Èlisabèt. Rawuhipun ibu Maria dhateng ibu Èlisabèt ngasta nugraha mirunggan. Pramila putra ingkang wonten guwagarbanipun ibu Èlisabèt njola awit saking bingahipun. Ibu Maria dados lantaran antawisipun Allah kaliyan umat manungsa.

• Pepanggihanipun ibu Maria kaliyan Èlisabèt ngémutaken kita sadaya bilih wartos sabda Dalem Gusti saged dipun wiwiti wonten ing brayat. Ugi
saking brayat satunggal dhateng brayat sanèsipun. Ibu Maria nyebat dhirinipun abdining Allah lan lumantar kasetyanipun dhateng Allah piyambakipun ngetingalaken minangka ibu ing brayat Nasarèt. Pramila sampun sapantesipun manawi Paus Yohanes Paulus II ngandikaaken bilih ibu Maria dados ibuning brayat lan ibuning pasamuan suci.

D. Panutup
1. Ngresepaké ing jroning batin
Wening sawetara 5-10 menit kanggo ngresepaké panglimbang iki.

Punapa brayat kita sampun saged dados papan tuwuh suburipun kautamèn-kautamèning gesang kristiani lan kasusilan? Punapa brayat kita ugi sampun dados papan tuwuh suburipun timbalan?

3. Sembahyang Panutup
Dhuh Rama ingkang mahaasih, kawula munjuk sembah nuwun awit pangreksa Dalem dhateng brayat kawula. Kawula nyuwun ingarsa Dalem mugi Panjenengan Dalem tansah paring tuntunan, pangayoman saha kekiatan amrih brayat-brayat kawula saged dados papan tuwuh suburipun kautamèn-kautamèning gesang kristiani, inggih punika sikap lembah manah lan andhap asor, sabar lan setya. Lantaran Sang Kristus Gusti kawula. Amin

3. Kidung Panutup