PEPANGGIHAN KATELU “SING SABAR LAN TETEG ATIMU”

Twitter
WhatsApp
Email

Tujuan
Umat sangsaya teguh minangka paguyuban murid-murid Sang Kristus saéngga sangsaya sabar lan sarèh supaya dayaning urip anyar (transformatif) bisa kawujudaké ana ing kulawarga, lingkungan lan masyarakat

Sarining Sarasèhan
Salah sawijining ciri manawa pasamuan suci iku wus bisa ninggal urip sing lawas bisa katitik saka kegiatan-kegiatan kang karancang déning warganing pasamuan kang bisa dirasakaké ana ing tengahing masyarakat. Umat katolik kaajak tansah ambyuk ing tengahing masyarakat, dadi utusan Dalem Sang Kristus martakaké Kraton Dalem Gusti.

Swasana ing masyarakat kang kebak ing rasa cubriya, memungsuhan,sesengitan, lan intoleransi iki, umat katolik kaajak tansah sabar lan teguh ing ati, martaaké Kraton Dalem Gusti, ora nglokro lan meneng baé ananging tetep teguh nindakaké jejibahané lan tanggung jawabé ing saben pakaryan kanggo kamulyan Dalem Allah.

A. Pembuka 

1. Kidung Pambuka 
Pemandu prayogi milih kidungan ingkang saged nggigah semangat pepanggihan ingkang laras kaliyan témaning pepanggihan. 

2. Sembahyang Pambuka 
Sadremi conto ingkang saged dipunéwahi utawi dipun tambahi lan cocok kaliyan kawontenan lingkungan.

Dhuh Rama ingkang Mahatresna, kawula munjuk sembah nuwun ingarsa Dalem awit pangreksa Dalem dhateng kawula. Panjenengan Dalem sampun ngutus Hyang Roh Suci ngamping-ampingi gesang kawula. Mugi Hyang Roh Suci ugi tansah paring kekiyatan dhateng kawula anggèn kawula sami caos paseksèn wonten ing tindak tanduk kawula. Lantaran Sang Kristus Gusti kawula. Amin.

3. Nyumet lilin Korona

P: Dhuh Gusti, paringa pepadhang dhateng umat Dalem mawi cahyaning sih Dalem.

U: Mugi kawula dadosa pepadhang tumrap sesami.

P: Dhuh Rama ingkang mahawelas mugi karsaa ngatingalaken welas asih Dalem dhateng para abdi ingkang ngantu-antu cahyaning gesang sejati. Kaurupna pangajeng-ajeng kawula ingkang ngantu-antu rawuhipun Putra Dalem. Kados déné sumunaring cahya lilin ingkang sangsaya manther punika mugi kawula pinadhangan déning Sang Kristus ingkang rawuh ing pribadi kawula. Mugi kawula dados umat ingkang tansah guyub-rukun ingkang saged ndayani lan migunani kanggé gesang ing tengahing masyarakat. Lantaran Sang Kristus Gusti kawula.

U: Amin

4. Cecala pepanggihan

Kita katimbalan agawé tata rakiting donya iki tinata becik sanadyan béda suku, agama, ras lan golongan. Kita kaajak martakaké Kraton Dalem Gusti lan mbangun donya kang nengsemaké lan sangsaya maju. Mbangun donya kang luwih apik lan becik mbutuhaké sikap sabar lan telatèn.

B. Inspirasi
1. Waosan Inspiratif

Teteg lan Sabara anggoné Tumindak Apik

Aku aktivis pewartaan ing salah sijining Paroki pinggiran kutho Semarang. Nalika tahun 1980, aku naté nduwèni pengalaman kang oran becik. Aku terjebak ana ing tengahing kerusuhan ètnis. Wektu iku ana kerusuhan rasial ing Jawa Tengah antarané ètnis Jawa lan Tionghoa sing nyebar nganti kutho-kutho lan Kabupatèn saJawa Tengah.

Konon kabaré, kerusuhan iku kawiwitan amarga perkara kang cilik ing Solo. Nalika iku aku ana ing tengahing atusan massa kang lagi podo tawuran. Malah aku uga nganti kena anteman lan tendangan saka wong-wong mau. Begjané lan berkahing Gusti, aku ditulungi déning salah sawijining Haji. Aku dilebokaké ing omahé saka esuk nganti bengi. Pitulungan saka Gusti pancèn mistèri. Aku percaya, imanku marang Sang Kristus kang paring keslametan nalika kahanan kisruh mau. Sing paling istiméwa, koq yo kang nylametké awakku Bapak Haji ètnis Jawa. Bapak mau salah sijining priyayi Muslim kang ngormati iman kapitayanku kang béda karo Pak Haji.

Nganti saiki aku isih sesambungan apik lan ajèn ingajènan marang iman kapitayaée déwé-déwé, malah kepara saiki dadi sedulur raket. Prastawa iku, ndadèkaké aku sinau, apa artiné teguh lan sabar kanggo tumindak apik marang sapa baé, sanajan kadang kala ana tantangan lan kangélan kang kudu diadepi.

Mula, aku tansah pracaya, sanajan dina-dina akèh prastawa kekerasan ètnis, ujaran kebencian kanggo minoritas, aku tetep sabar lan teguh kanggo terus tumindak apik, mbangun paseduluran marang sapa baè ora nyawang apa agamané, suku lan rasé. Amarga aku pracaya nalika nandur kabecikan bakal awoh kabecikan uga.

2. Nglelimbang bebarengan
Pemandu ngajak mawas dhiri:

  1. Miturut bapak ibu punpa tegesipun SABAR minangka murid-murid Dalem Sang Kristus?
  2. Miturut bapak ibu punapa tegesipun teteg ing manah minangka murid-murid Dalem Sang Kristus?
  3. Apa kang kudu dakbudidaya supaya tansah nduwèni sikap sabar lan ati kang teteg-teguh?

C. Panglimbang Kateketis lan Bundelaning Piwulang
1. Kitab Suci

Pethikan Kitab Suci Yakobus 5: 7-11

Mulane dipadha sabar, para sedulur, nganti tekan rawuh Dalem Gusti. Delengen wong tani, anggone ngenteni woh adi, wulu-wetuning bumi, kanthi sabar ngantu-antu tekaning udan sing tembean lan wekasan. Kowe uga kudu sing sabar lan tetegna atimu: awit rawuh Dalem Pangeran wus cepak. Aja siji nggrundeli sijine: mengko mundhak kowe ketiban pangadilan; galo, Sang Mahajeksa wus ngadhang ana ing ngarep lawang. Para sedulur, kowe padha nulada para nabi kang medharake sabdaning Gusti, anggene tahan ing sangsara lan ambeg sabar. Satemené kita padha nyebut rahayu tumrap wong-wong kang padha sabar-mantep iku; kowé wis padha krungu bab sabar-mantepé Ayub, sarta wis padha sumurup apa kang ing wekasané kacawisaké déning Pangéran tumrap panjenengané, amarga Pangéran iku asipat maha-asih sarta maha-welas.

2. Bundelaning Sarasèhan

  •  Serat Yakobus 5:7-11 ngajak kita kabèh sinau saka para kadang tani, para nabi lan Ayub kang nduwèni krenteg nuntasaké pakaryan nganti tuntas. Para kadang tani, para nabi lan Ayub mung ngendelaké Gusti.
  • Awaké dhéwé uga kaajak kaya mangkono iku, yaiku tansah pasrah sumarah lan ngendelaké Allah supaya bisa nggayuh kamulyan. Ngendelaké kakuatan Dalem Gusti dadi salah sawijining ciri urip kita minangka murid-murid Dalem Gusti.
  • Kanthi sabar lan telatèn umat katolik kaajak bisa ngrampungaké apa kang dadi tanggung jawabé linambaran pangandel marang Allah. Mula sikap sabar lan ati kang teteg iki pancèn dibutuhaké kanggo sanguning urip.

D. Mbangun Niyat lan Panutup

1. Ngresepaké wosing sarasèhan

Wening sawetara (5-10 menit)
Apa kang kudu dakbudidaya supaya aku tansah sabar lan atiku teteg ngadhepi manéka warna kahanan ing zaman iki?
Ayo padha nyuwun supaya Hyang Roh Suci tansah paring pepadhang lan nuntun kita amrih tetep nduwèni sikap kang sabar lan ati kang teteg lan teguh.
Pemandu ngajak umat ngaturaké Sembahyangan Umat. Prayoga yèn Pemandu mbuka Sembahyangan iki sabanjuré katerusaké déning umat kang rawuh. Ujub Sembahyangan Umat kalarasaké karo isining sarasèhan.
Sarampungé Sembahyangan Umat bisa diadani kolèkte banjur katutup kanthi sembahyang Rama Kawula.

2. Sembahyang panutup

Dhuh Rama ingkang Mahakuwasa mugi karsaa paring kekiyatan dhateng kawula amrih kawula tansah semangat anggèn kawula ngabdi ing Panjengan Dalem. Mugi karana pangabdi kawula Kraton Dalem sangsaya mekar lan asma Dalem tansah kaluhuraken déning sinten kémawon. Lantaran Sang Kristus Gusti kawula. Amin

3. Kidung Panutup

Saged kapilih kidungan perutusan ingkang laras kaliyan tema pepanggihan.

Download Panduan Adven 2019