Tujuan
Umat katolik nyadari manawa kudu tansah ambyuk ngayati urip bebarengan ing tengahing masyarakat.

Sarining Sarasèhan
Linambaran semangat Injil, kita kautus njembaraké Kraton Dalem Gusti ing madyaning masyarakat. Kita kang wus dadi gegelitané/kagungan Dalem Sang Kristus katimbalan supaya warta kabungahan bisa sangsaya kawedhar. Apa kang katindakaké déning umat katolik njembaraké Kraton Dalem Gusti iku kasebut kerasulan. Mula kita kaajak nduwèni kekendelan martakaké Sang Kristus ana ing urip padinan.

Kaya kang katulis ana ing Dekrit Kerasulan Awam (Apostolicam Actuositatem) artikel 2 Konsili Vatikan II negasaké, “Mèlu cawé-cawé wewarta Kratoning Allah ing saindenging bumi amrih mulyaning Asma Dalem Gusti, supaya kabèh manungsa nemu keslametaning Sang Kristus. Kabèh tumindak kang nuju ana ing keslametaning Sang Kristus mau kasebut kerasulan. Kerasulan ditindakaké déning kabèh warganing Pasamuan Suci kanthi manéka warna cara kang apik” (AA. 2). Tumindak mangrasul kudu ditindakaké déning kabèh warganing Pasamuan Suci ana ing urip padinan.

A.Pambuka
1.Kidung Pambuka
Pemandu prayogi milih kidungan ingkang saged nggigah semangat pepanggihan ingkang laras kaliyan témaning pepanggihan.

2.Sembahyang Pambuka
Sadremi conto ingkang saged dipunéwahi utawi dipun tambahi lan cocok kaliyan kawontenan lingkungan.

Allah ingkang Mahawelas, Panjenengan Dalem sampun paring wegdal dhateng kawula sami cecawis mapag rawuh Dalem Sang Kristus. Kawula nyuwun tuntunan Dalem mugi kawula saged nindakaken jejibahan kawula minangka umat Dalem caos paseksèn wonten ing gesang kawula. Lantaran Sang Kristus Gusti kawula.

Amin.

3.Nyumet lilin Korona
P:Dhuh Gusti, paringa pepadhang dhateng umat Dalem mawi cahyaning sih Dalem.

U: Mugi kawula dadosa pepadhang tumrap sesami.

P:Dhuh Rama ingkang mahawelas mugi karsaa ngatingalaken welas asih Dalem dhateng para abdi ingkang ngantu-antu cahyaning gesang sejati. Kaurupna pangajeng-ajeng kawula ingkang ngantu-antu rawuhipun Putra Dalem. Kados déné sumunaring cahya lilin ingkang sangsaya manther punika mugi kawula pinadhangan déning Sang Kristus ingkang rawuh ing pribadi kawula. Mugi kawula dados umat ingkang tansah guyub-rukun ingkang saged ndayani lan migunani kanggé gesang ing tengahing masyarakat. Lantaran Sang Kristus Gusti kawula.

U:Amin

4.Cecala pepanggihan
Ana ing pepanggihan kang kaping papat iki awaké dhéwé kaajak nglelimbang, apa awaké dhéwé wus bisa agawé urip bebarengan iki sangsaya maju, wis tinemu urip anyar kang luwih ndayani lan migunani.

B. Inspirasi
1.Waosan Inspiratif

Nèk Mboten Panjenengan, Terus Sinten, Pak?

Aku salah sijining warga katolik kang manggon ana ing Paroki ndésa sing masyarakaté mayoritas agama Islam. Aku
guru ing Sekolah Dasar lan tetanèn sakbubaré makarya ing sekolah.

Aku sadar dadi warga geréja Katolik kudu aktif ana ing lingkungan geréja, amarga geréja dadi sumbering kekuatan imanku lan uga kudu aktif ana ing tengahing masyarakat.

Aku ngrumangsani, timbalan Baptisanku kudu mawujud, dhuwèni kapredulèn sing luwih amba, manegesakè sikap batin lan kudu tatag ngadepi sakwernaning tantangan urip. Kabèh kudu ditindakaké selaras karo karsa Dalem Gusti.

Aku ngrumangsani dadi salah sawijining penggiat désa kudu “hangabèhi”. Tindak tandukku mesti bakal dadi sorotaning wong liya. Semangat caos pitulungan marang sapa baé iku, kang dadi timbalanku, kudu wani srawung marang sapa baé kang nduwèni penggalih mbangun masyarakat kang apik.

Miturut pengalamanku, masyarakat banget percayané lan ngajèni apa baé kang ndak tindakaké. Ora mokal menawa saka tingkat RT-RW lan Dusun mesti njawil lan ajak-ajak tumandang menawa ana kegiatan-kegiatan kemasyarakatan. “Nèk mboten panjenengan terus sinten Mas,”surasane warga masyarakat.

Amarga panjaluké warga, aku kejibahan ngurusi keuangan tingkat RT lan RW. Aku uga kaparingan amanah supaya dadi pengareping Paguyuban Kelompok Tani. Sebeneré, aku uwis sélak saka tanggung jawab manéka warna iku kanthi alasan kesibukan ana ing sekolah. Ananging warga tetep meksa supaya nampa tanggung jawab mau. “Sik penting njenengan dados ketua mangké nèk wonten acara/undangan kagem kelompok tani saget pun wakilaken,” Mangkono surasané warga paring kekuatan. Aku nampa jejibahan kang diparingaké warga lan ndak tindakaké kanthi kebaking tanggung jawab.

Kabèh jejibahan iku ora terus nambahi beban uripku, nanging malah dadi sarana anggonku bisa samsaya rumaket anggonku srawung marang kabèh warga masyarakat. Mula, lantaran paguyuban masyarakat iki, iman Katolikku samsaya ngrembaka lan aku urip dadi warganing Gereja lan warganing masyarakat kang kebak ing kabungahan.

2.Nglelimbang bebarengan

C.Panglimbang Kateketis lan Bundelaning Piwulang
1.Kitab Suci

Pethikan Kitab Roma 1:1-7

Saka Paulus, abdiné Kristus Yésus, kang katimbalan dadi rasul, kapiji nggelaraké Injilé Allah, Injil iku wus kaprasetyakaké lantaran para nabi kaya kang katulis ing kitab-kitab suci, bab Sang Putra, kang cara kadagingan mijil saka tedhaké Daud, lan miturut Rohing kasucèn Panjenengané iku Putrané Allah, katitik ana ing wunguné saka ing antarané wong mati, yaiku Yésus Kristus, Gusti kita. Lantaran Panjenengané, aku padha nampa sih-rahmat sarta kalenggahan rasul marga asmané, kadhawuhan nuntun marang sakèhing bangsa kang ora wanuh marang Allah, supaya padha pracaya lan mbangun-turut. Kowé uga padha klebu ing antarané wong-wong mau, kowé kang wus padha katimbalan dadi kagungané Yésus Kristus, marang para Sadulur kabèh kang manggon ing Roma, kang padha ditresnani déning Allah, kang katimbalan lan kadadèkaké para suci. Sih-rahmat anaa ing kowé kabèh lan tentrem-rahayu saka Allah, Rama kita lan saka Gusti Yésus Kristus.

2.Bundelaning Sarasèhan

D. Mbangun Niyat lan Panutup
1.Ngresepaké wosing sarasèhan
Wening sawetara (5-10 menit)

Ayo padha nglelimbang, apa awaké dhéwé iki pancèn wis dadi kagungan Dalem Sang Kristus?

Apa niat-niatku minangka kagungan Dalem Gusti?

Ayo padha nyuwun kekiyatan Hyang Roh Suci supaya bisa dadi utusan-utusan Dalem Gusti kang tansah ndayani lan migunani tumrap masyarakat kita.

Pemandu ngajak umat ngaturaké Sembahyangan Umat. Prayoga yèn Pemandu mbuka Sembahyangan iki sabanjuré katerusaké déning umat kang rawuh. Ujub Sembahyangan Umat kalarasaké karo isining sarasèhan.

Sarampungé Sembahyangan Umat bisa diadani kolèkte banjur katutup kanthi sembahyang Rama Kawula.

2.Sembahyang panutup
Allah ingkang Mahakuwasa, kawula muji syukur ingarsa Dalem déné kawula sampun dados kagungan Dalem Sang Kristus. Mugi kawula tansah kaparingan kekiyatan lan kekendelan amrih saged dados seksi-seksi Dalem kanggé kemajenganing pasamuan suci Dalem. Lantaran Sang Kristus Gusti kawula. Amin.

3.Kidung panutup
Saged kapilih kidungan perutusan ingkang laras kaliyan tema pepanggihan.

Evaluasi QR-Code ini disediakan, agar umat dapat melakukan evaluasi terhadap Panduan Adven ini dengan fasilitas androidnya untuk kepentingan pengembangan dan masukan bagi Komkat KAS

 

Download Panduan Adven 2019

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *