Tujuan
Umat bisa naliti apa dayaning urip anyar kang wus dirasakaké

Sarining Sarasèhan
Cirining pasamuwan suci yaiku ndayani mungguhing urip kang anyar kanggo umaté lan masyarakat sakiwa tengené. Pasamuwan suci dadi sarana para wargané sangsaya rumaket marang Gusti Allah lan pepadhané. Krana Hyang Roh Suci, pasamuwan suci ngangkat kita kabèh dadi putra putrining Allah. Hyang Roh Suci manunggalaké para wargané nyawiji lan tansah wani nganyaraké urip.

Lingkungan kawujud amarga katunggalaké déning Hyang Roh Suci minangka murid-murid Dalem Sang Kristus. Kita kabèh percaya manawa pasamuwan suci tansah ngrembaka nunggal saati, saiyeg lan sabudi. Apa awaké dhéwé minangka warganing lingkungan uga wis mèlu urun rembug lan cawécawé amrih lingkungan kita bisa mujudaké urip kang anyar?

A. Pambuka
1. Kidung Pambuka
Pemandu prayogi milih kidungan ingkang saged nggigah semangat pepanggihan ingkang laras kaliyan témaning pepanggihan.

2. Sembahyang Pembuka
Sadremi conto ingkang saged dipunéwahi utawi dipun tambahi lan cocok kaliyan kawontenan lingkungan.

Dhuh Rama ingkang Mahaasih ing pepanggihan punika mugi kawula umat Dalem karentahana Hyang Suci supados kawula minangka warganing pasamuwan suci ing lingkungan tansah mbudidaya murih gesang énggal saged kawujud ing gesang kawula. Mugi kawula ugi tansah manungil samanah lan sabudi ngregengaken kegiatankegiatan lingkungan supados lingkungan kawula sangsaya guyub, rukun, sangsaya gesang lan kanthi makaten pangandel kawula sangsaya kiat lan santosa. Lantaran Sang Kristus Gusti kawula. Amin.

3. Nyumet lilin Korona
P: Dhuh Gusti, paringa pepadhang dhateng umat Dalem mawi cahyaning sih Dalem.

U: Mugi kawula dadosa pepadhang tumrap sesami.

P: Dhuh Rama ingkang mahawelas mugi karsaa ngatingalaken welas asih Dalem dhateng para abdi ingkang ngantu-antu cahyaning gesang sejati. Kaurupna pangajeng-ajeng kawula ingkang ngantu-antu rawuhipun Putra Dalem. Kados déné sumunaring cahya lilin ingkang sangsaya manther punika mugi kawula pinadhangan déning Sang Kristus ingkang rawuh ing pribadi kawula. Mugi kawula dados umat ingkang tansah guyub-rukun ingkang saged ndayani lan migunani kanggé gesang ing tengahing masyarakat. Lantaran Sang Kristus Gusti kawula.

U: Amin

4. Cecala pepanggihan
Bapak lan Ibu kang kinasih, ing pepanggihan kang kapindho iki awaké dhéwé kaajak naliti, apa ing lingkungané dhéwé iki wis bisa dirasakké bab-bab kang anyar utawa isih mung mandheg kaya wingi-wingi durung ana kemajuan? Apa awaké dhéwé wus saati, saiyeg lan sabudi padha mbudidaya murih lingkungané dhéwé iki sangsaya maju?

B. Inspirasi
1. Apresiasi rumaket lan guyubing Lingkungan

Pemandu saged miwiti reflèksi kanthi maos piwucalipun Paus Fransiskus babagan gesang ing tengahing paguyuban.

Paus Fransiskus paring paweling ana ing wawancara pribadi kaliyan Romo Antonio Spadaro, S.J., Pimpinan redaksi La Civiltà Cattolica ing Italia. Paus Fransiskus ngandhika mekaten:

“Ana ing uripku, aku uwis sinau menawa siji-sijine cara kanggo ngrembakaké iman kapitayanku yaiku srawung lan guyub karo wong liya, amarga ora ana manungsa kang cukup urip ijèn. Urip ing paguyuban iku dadi cara kanggo nggayuh kautamaning urip. Mula kanggo srawung ing tengahing paguyuban butuh sikap lembah manah lan caos pitulungan marang kabèh warganing paguyuban, urip tresna-trinesnan lan ngupaya kabèh warga paguyuban bisa urip nyawiji lan lestari.”

Piwucal lan piweling saka Paus Fransiskus iku penting kagem gesang kita ing pasamuwan. Kita kaajab ngantuantu rawuh Dalem Sang Kristus ing Riyadi Agung Natal samangké kanthi gesang ingkang saati, saiyeg lan sabudi ana ing paguyuban kita. Kanthi sikap saati, saiyeg lan sabudi punika, kita badhé ngetingalaké cirining gesang tiyang katolik ingkang ndayani tumuju marang kahanan ingkang langkung saé (transformatif), tumprahing urip kita kabèh.

Mangga kita sesarengan evaluasi/ngelimbang paguyuban kita, punapa sampun ndayani kanggé warganing paguyuban:

Pemandu bisa ngajak umat evaluasi/ngelimbang, apa lingkungan kita sampung ndayani (transformatif) mliginipun kanggo warganing lingkungan. Kanggo evaluasi lingkungan bisa nganggo cara iki. (Ningali halaman sakteruse)

Nengeri mawa tandha (V) ing kolom. Pemandu kasuwun saged damel rékapan hasilipun lan nglebetaken wonten Scan QR Code punika kagem masukan ing Keuskupan.

Hasil rékapan ugi saged dipun biji kanthi pathokan kados punika:

  1. Teratur: skor 6
  2. Tidak Teratur: skor 3
  3. Tidak ada: skor 0
No Pernyataan dan Refleksi Penilaian komunitas*
Ada Teratur (Intensselalu) Tidak Teratur (kadangkadang) Tidak Ada
1. Apakah sejauh ini, lingkungan teratur dalam berkomunikasi, baik secara langsung maupun melalui alat komunikasi lainnya.
2. Apakah sejauh ini, lingkungan teratur dalam bergiat dengan acara-acara moment Gerejawi dan Kebersamaan lainnya.
3. Apakah sejauh ini, lingkungan teratur memperhatikan para anggotannya yang sedang mengalami kesusahan, sakit dan permasalahan.
4. Apakah sejauh ini, lingkungan teratur dalam mendukung keluarga-keluarga dalam pendidikan iman menggerejanya, baik bersifat Liturgis maupun NonLiturgis.
5. Apakah sejauh ini, lingkungan teratur mendukung kegiatan-kegiatan yang semakin mengakrabkan dan meningkatkan kebersamaan dari rekoleksi hingga rekreasi.
6. Apakah sejauh ini, lingkungan teratur berusaha memberdayakan pribadi dan perkembangan bersama dengan berbagai macam cara.

Mila menawi dipun jumlah, skor paling inggil 36, rentang biji kados punika

  1. Skor 30 – 36, lingkungan menampakkan tanda-tanda GUYUB
  2. Skor 18 – 29, lingkungan menampakkan tanda-tanda BIASA SAJA
  3. Skor 0 – 17, lingkungan menampakkan tanda-tanda LEMAH, KURANG GUYUB.

2. Pitakon kanggo panglimbang

  1. Sawusé ngerti kahanan lingkungan, punapa pamanggih bapak ibu?
  2. Ing prakawis apa baé awake dhéwé wus nunggal saati lan sabudi?

C. Panglimbang Kateketis lan Bundelaning Piwulang
1. Kitab Suci
Pethikan Kitab Suci Roma 15: 4-9

Awit kabèh kang biyèn wus katulis, iku katulis minangka piwulang kanggo kita, supaya kita gondhèlan kanthi kenceng ing pangareparep kalawan sabar mantep sarta panglipur kang saka ing Kitab Suci. Muga-muga Allah kang dadi tuking kasabaran lan panglipur, karsa maringi karukunan marang kowé, kaya kang dikarsakaké déning Kristus Yésus, muga kowé padha tunggal sa-ati, saiyeg sarta tunggal tembung, bareng padha ngluhuraké Allah, lan Ramané Gusti kita, Yésus Kristus. Mulané kowé padha tampa-tinampanana, padha kaya Sang Kristus anggoné uga wus nampani kita, kagem kaluhurané Allah.

Kang dakkarepaké yaiku, nyanggi luhuré kasetyaning Allah, Sang Kristus wus dadi peladosé golongan supit, kanggo ngukuhaké prasetyané kang wus kaparingaké marang para leluhur kita, sarta supaya para bangsa padha bisa ngluhuraké Allah, awit saka sihpalimirmané, kaya kang katulis, surasané, “Mila kawula badhé ngluhuraken Paduka, wonten ing satengahing para bangsa, saha memuji asma Paduka kanthi pangidung Mazmur. ”

2. Bundelaning Sarasèhan

D. Mbangun Niyat lan Panutup
1. Ngresepaké wosing sarasèhan
Wening sawetara (5-10 menit)

Apa kang dadi niatku murih uripku pribadi sangsaya migunani tumrap lingkungan?

Ayo padha nyuwun kekuataning Hyang Roh Suci murih kita bisa saati, saiyeg lan sabudi mbangun pribadi lan pasamuan suci amrih urip kita sangsaya migunani kanggo masyarakat sakiwa tengen kita.

Pemandu ngajak umat ngaturaké Sembahyangan Umat. Prayoga yèn Pemandu mbuka Sembahyangan iki sabanjuré katerusaké déning umat kang rawuh. Ujub Sembahyangan Umat kalarasaké karo isining sarasèhan.

Sarampungé Sembahyangan Umat bisa diadani kolèkte banjur katutup kanthi sembahyang Rama Kawula.

2. Sembahyang panutup
Gusti ingkang Mahaasih, kawula ngaturaken agenging panuwun ingarsa Dalem déné kawula sampun dados warganing pasamuan ing lingkungan kawula. Mugi kawula saged samanah lan sabudi mbudidaya murih lingkungan kawula sangsaya ngrembaka lan saged ndayani saha migunani tumrap pribadi lan masyarakat sakiwa tengan kawula. Lantaran Sang Kristus Gusti kawula. Amin

3. Kidung Penutup
Saged kapilih kidungan perutusan ingkang laras kaliyan tema pepanggihan.

Download Panduan Adven 2019

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *