KAUTUS NGUPADI LAN ASUNG KARAHAYON

Ancas Tujuan

Wonten ing pepanggihan punika, umat kaajak muji syukur karana pakaryan-pakarya lan kasaénan-kasaénan ingkang sampun mawujud wongten ing gesang padintenan. Punapa ingkang sampun katindakaken déning umat punika dados data ingkang migunani sanget, mliginipun kanggé bidang Pelayanan Kemasyarakatan Dewan Pastoral Paroki. Kanthi makaten punapa ingkang badhé katindakaken èstu pas sanget kanggé ingkang mbetahaken.

Kidung Pambuka

Tanda Salib lan Salam

P : Konjuk ing Asma Dalem Hyang Rama, saha Hyang Putra tuwin Hyang Roh Suci

U : Amin

P : Sih nugraha Dalem Gusti Yésus Kristus, Asih tresna Dalem Allah Hyang Rama lan Hyang Roh Suci, tansah manunggala

U : Kaliyan kula sadaya

Cecala

Bapak-ibu lan para kadang ingkang kinasih,

Aksi Puasa Pembangunan (APP) ngemot kalih prakawis ingkang wigatos, inggih punika laku tobat lan welas asih dhateng sesami (belarasa). Kita muji syukur awit kathah sanget pakaryan-pakaryan saé minangka wujuding Gerakan APP punika. Upaminipun kegiatan-kegiatan karitatif kanggé sanak kadang ingkang kekirangan. Sesanti Bapak Uskup Mgr Robertus Rubiyatmoko anggènipun lelados ing KAS, nggigah kita sadaya supados tansah ngupadosi sinten kémawon supados manggih karaharjan (querere et salvum facere).Wonten ing pepanggihan punika, semangat quarere et salvum facere samangké badhé kita wujudaken wontening sumbang sih kita madosi sanak-sadhèrèk ingkang kalebet KLMTD. Temtu kémawon data-data menggahing KLMTD èstumigunani kanggé anggèn kita sami mbudidaya lan nindakaken pakaryan-pakaryan ingkang saé.

Keduwung

P Bapak-ibu lan para kadang ingkang kinasih, Kanggé miwiti pepanggihan punika, sumangga kita sami nyawisaken manah, kanthi penuh raos syukur, memuji asma Dalem Gusti, lan kanthi andhap asor, kita keduwungi kalepatan lan dosa-dosa kita, langkung-langkung ingkang murugaken kita wuta lan kirang perduli marang kabetahaning sesami.

P+ U Kawula ngakeni ….. …….

P Muga Allah kang mahakuwasa karsaa paring palimirma lan pangapuraning dosa sarta nuntun marang urip langgeng.

U Amin.

Sembahyang Pambuka

Swawi sami munjuk, (mèndel sawetawis)

Dhuh Gusti Allah Rama ingkang Mahaasih, mugi asih Dalem tansah panggah murub ing batos kawula saéngga kawula langkung preduli dhateng sesami ing sakiwa tengen kawula. Mugi sarana ngrengkuh lan nggematosi sanak kadang ingkang nandhang kekirangan kawula saged nyawang wadana Dalem lan lelados ing Panjenengan Dalem. Lantaran Sang Kristus Gusti kawula.

Amin.

Waosan Kitab Suci

Pethikan Kitab Suci punika saged dipun waos déning salah satunggaling umat ingkang rawuh, utawi dipun waos sacara giliran mbaka satunggal ayat déning sedaya umat.

Pethikan Injil Suci anggitanipun santo Lukas (Luk. 15:1-7)

Ing sawijining dina akèh pegawé pajeg lan wong sing dianggep ala déning masarakat, padha teka ngrungokaké piwulangé Gusti Yésus. Wong Farisi lan para ahli Torèt banjur padha pating kedumel, pangucapé: “Yésus kok gelem nampani wong ala malah gelem mangan bareng karo wong kuwi.”

Mulané Gusti Yésus nuli maringi pasemon mengkéné: “Saupama ing antaramu ana wong sing duwé wedhus gibas satus sing siji ilang; apa sing ditindakaké déning wong mau? Wong mau mesthi bakal ninggal wedhusé sing sangang puluh sanga ana ing pangonan, sarta lunga nggolèki wedhus siji sing ilang mau, nganti ketemu. Bareng ketemu wong mau bungah banget; wedhusé nuli dipanggul, digawa mulih. Sawisé kuwi wong mau nuli ngundangi tangga-teparoné, padha dikandhani: ‘Aku bungah banget, déné wedhusku sing ilang saiki wis ketemu. Mulané ayo padha bungah-bungah.’Ngandela, kaya mengkono uga kaanané ing swarga. Para malaékat bakal padha bungah banget merga ana wong dosa siji sing mratobat, ketimbang karo wong sangang puluh sanga sing ora susah mratobat.”Mekaten Sabdaning Injil suci.

Pinuji Sang Kristus.  

Panglimbang

Pemandhu ngaturaken sawetawis sarining panglimbang saking pethikan Kitab Suci ingkang nembé dipun waos.

FGD (forum group discussion)

Salajengipn, pemandhu saged mbika pirembagan sesarengan kanggé madosi sanak sedhèrèk ingkang kalebet pra-sejahtera utawi KLMTD sajroning lingkunganipun.

Bahan Diskusi

  1. Pemandu dapat membimbing umat untuk merumuskan kriteria yang akan digunakan untuk menentukan siapa saja yang termasuk dalam keluarga pra sejahtera (KLMTD). sebagai bantuan, berikul adalah beberapa kriteria yang digunakan dalam Pendataan Sosial Ekonomi Penduduk tahun 2005. Adapun kriteria sebuah keluarga termasuk dalam kategori keluarga miskin pra sejahtera apabila:
  1. luas lantai bangunan tempat tinggalnya kurang dari 8 m²per orang;
  2. lantai bangunan tempat tinggalnya terbuat dari tanah/bambu/kayumurahan;
  3. dinding bangunan tempat tinggalnya terbuat dari bambu/rumbia/kayu berkualitas rendah atautembok tanpa diplester;
  4. tidak memiliki fasilitas buang air besar/bersama-sama rumah tangga lain menggunakan satu jamban;
  5. sumber penerangan rumah tangga tidak menggunakan listrik;
  6. air minum berasal dari sumur/mata air yang tidak terlindung/sungai/airhujan;
  7. bahan bakar untuk memasak sehan-hari adalah kayu bakar/arang/minyak tanah;
  8. hanya mengkonsumsi daging/susu/ayam satu kali dalam seminggu;
  9. hanya membeli satu stel pakaian baru dalam setahun;
  10. hanya mampumakan satu kali dalam sehari;
  11. tidak sanggup membayar biaya pengobatan di puskesmas/poliklinik:
  12. sumber penghasilan kepala rumah tangga adalah: petani dengan luas lahan 0,5 ha, buruh tani, nelayan, buruh bangunan, buruh perkebunan, atau pekerjaan lainnya dengan pendapatandi bawah Rp600.000 per bulan;
  13. pendidikan terakhir kepala rumah tangga: tidak sekolah/tidak tamat sekolandasar (SD)/hanya SD:dan
  14. tidak memiliki tabungan/barang yang mudah dijual dengan nilai minimal Rp500.000 seperti sepeda motor (kredit/nonkredit), emas, hewan ternak, kapal motor ataupun barang modal lainnya
  1. Adakah di antara umat lingkungan anda yang memenuhi kriteria tersebut? Apa bila ada, tulislah dalam format berikut:
No Nama Kepala Rumah Tangga Anggota keluarga Jenis Kelamin Usia Alamat Jenis kesulitan yang mendesak perlu dibantu
1 1.

2.

3.

4.

5.

6.

1. pangan

2. sandang

3. papan

4. pendidikan

5. kesehatan

6. lap. kerja

2 1.

2.

3.

4.

5.

6.

1. pangan

2. sandang

3. papan

4. pendidikan

5. kesehatan

6. lap. kerja

3 1.

2.

3.

4.

5.

6.

1. pangan

2. sandang

3. papan

4. pendidikan

5. kesehatan

6. lap. kerja

4 1.

2.

3.

4.

5.

6.

1. pangan

2. sandang

3. papan

4. pendidikan

5. kesehatan

6. lap. kerja

5 1.

2.

3.

4.

5.

6.

1. pangan

2. sandang

3. papan

4. pendidikan

5. kesehatan

6. lap. kerja

6 1.

2.

3.

4.

5.

6.

1. pangan

2. sandang

3. papan

4. pendidikan

5. kesehatan

6. lap. kerja

Tugas Salajengipun

Tugas salajengipun inggih punika kunjungan dhateng brayat-brayat ingkang sampun kelebet kriteria ing daftar kala wau. Ing pepanggihan ingkang kaping V umat ingkang ngleksanani kunjungan caos pelaporan manawi keluarga (brayat) ingkang dipun sowani èstu mbetahaken pitulungan.

Sembahyang Panutup

Swawi sami munjuk, (mèndel sawetawis)

Dhuh Allah Rama ingkang Mahaasih, kawula muji syukur ing ngarsa Dalem awit agenging katresnan Dalem ingkang tansah karentahaken dhateng kawula.

Kawula nyuwun kekiyatan Dalem supados kawula tansah sagah, wantun, lan ngatingalaken raos welas kawula dhateng sesame. Mugi kawula ugi tansah muji syukur ingarsa Dalem awit sampun kepareng dnhèrèk martosaken lan mujudaken pakaryan katresnan Dalem, dados berkah kanggé soksintena kémawon. Lanataran Sang Kristus Gusti kawula. Amin.

Kidung Panutup

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *