SENGKUT GUMREGUT AMBANGUN BRAYAT LAN KOMUNITAS INGKANG NGRENGKUH LAN NEGUHAKÉ
Ancas Tujuan
Wonten ing pepanggihan punika, umat dipun ajak nglelimbang babagan jatining pandhèrèk Dalem Gusti ingkang kautus martosaken welas asih Dalem Gusti: asung kasarasan dhateng ingkang sakit, asung kabingahan dhateng ingkang nandhang kasisahan, asung pambiyantu dhateng ingkang kasrakat, lan asung kekiyatan dhateng ingkang ngrenggiyeg kabotan sesanggan. Minangka jejering anggota keluarga lan komunitas, kita tansah dipun ajak mbangun semangat tinarbuka, caturan ingkang ngremenaken lan ngatingalaken sikap ingkang saé, tulus, asung katentreman lan pangapunten, ndhèrèk nyanggi kekiranganipun.
Kidung Pambuka
Tanda Salib lan Salam
P : Konjuk ing Asma Dalem Hyang Rama, saha Hyang Putra tuwin Hyang Roh Suci
U : Amin
P : Sih nugraha Dalem Gusti Yésus Kristus, Asih tresna Dalem Allah Hyang Rama lan Hyang Roh Suci, tansah manunggala
U : Kaliyan kula sadaya
Cecala
Bapak-ibu lan para kadang ingkang kinasih,
Wonten ing pepanggihan punika, kita badhé nglelimbang sih kawilujengan Dalem Gusti ingkang karaosaken wonten ing brayat lan komunitas. Wonten ing brayat lan komunitas punika papanipun kita saged ngraosaken sesambetan lan pasedhèrèkan ingkang rumaket kebak ing katresnan, manggihaken sih wilasa Dalem Gusti.
Éwasemanten, mboten gampil kita saged ngraosaken rawuh Dalem wonten ing tengahing brayat lan komunitas. Wonten manéka warni prakawis ingkang dados pepalang anggèn kita ngrasoaken Gusti Allah ingkang njenengi ing gesang kita. Kadang kala kita kécalan katresnan wonten ing brayat lan komunitas. Pramila, kados pundi kita sedaya sampun ngupadi rawuh Dalem ingkang penuh welas asih ing tengah-tengahing brayat lan komunitas kita? Sumangga kanggé miwiti pepanggihan punika, kita sami nyawisaken manah, kanthi penuh raos syukur, memuji asma Dalem Gusti, lan kanthi andhap asor, kita keduwungi kalepatan lan dosa-dosa kita.
Keduwung
P Sadangunipun dosa kawula singidakenbatos kawula sumpeg lan ngrerintih sadinten mupu
U Rahayu wong kang dosané diapura.
P Kawula ngakeni dosa kawulawonten ingarsa Dalem, dhuh Gusti, kalepatan kawula mboten kawula tutup-tutupi.
U Rahayu wong kang dosané diapura
P Nasibé wong kang dosa anané mung sangsara,nanging wong sing ngandel ing Allahlinubèran asih tresna.
U Rahayu wong kang dosané diapura
P Muga Allah kang mahakuwasa karsaa paring palimirma lan pangapuraning dosa sarta nuntun marang urip langgeng.
U Amin.
Sembahyang Pambuka
Swawi sami munjuk, (mèndel sawetawis)
Dhuh Gusti Allah ingkang Mahawelas, kawula sabrayat lan komunitas tansah muji syukur awit berkah Dalem ingkang tansah karentahaken ing tengah-tengahing kawula. Kaberkahana kawula supados kawula sangsaya setya lan nresnani brayat saha komunitas kawula. Kawula pitados bilih Panjenengan Dalem tansah rawuh ing bryata lan komunitas kawula.
Kabikaan manah kawula amrih kawula tansah rengkuh rinengkuh lan sami neguhaken satunggal lan satunggalipun lan kanthi makaten kawula ngraosaken sih kawilujengan Dalem. Lantaran Sang Kristus Gusti kawula.
Amin.
Waosan Kitab Suci
Pethikan Kitab Suci punika saged dipun waos déning salah satunggaling umat ingkang rawuh, utawi dipun waos sacara giliran mbaka satunggal ayat déning sedaya umat.
Pethikan Injil Suci anggitanipun santo Lukas (Luk. 15:11-32)
Ing tengah-tengahe para pegawé pajeg lan wong sing dianggep ala déning masarakat, Gusti Yésus mbacutaké enggoné ngandika: “Ana wong duwé anak lanang loro. Anak sing ragil matur marang bapakné: ‘Bapak, keparenga kula nyuwun bagéan kula saking sedaya ingkang badhé panjenengan warisaken.’ Bapakné mau nuli mbagé barang darbèké marang anaké loro. Let sawetara dina menèh anak sing ragil mau nuli ngedoli barang darbèké sing dadi bagéané. Nuli lunga menyang negara manca, dhuwité digawa kabèh. Ana ing kana dhuwité diebrèh-ebrèh, dienggo nguja kasenengané, nganti dhuwité mau entèk ludhes. Kacrita ing negara kono ana pailan gedhé, mangka bocah mau wis ora duwé apa-apa. Mulané nuli mondhok ing omahé wong pribumi, lan dikon nyambut-gawé ana ing panggonané wong mau, ngrumati babi. Sarèhné ora diwènèhi pangan, bocah mau kaliren. Kaya apa kepénginé maregi wetengé srana ampas, sisa pangané babi. Éwasemono ora ana wong sing mènèhi. Bocah mau nuli éling marang kaanané dhéwé lan nggrahita: ‘Buruhé bapakku pirang-pirang, lan kabèh padha bisa mangan sawaregé, mangka aku ana ing kéné nganti kaliren. Apiké aku dakbali menyang dalemé bapak, karo matur: Bapak, kula sampun damel dosa dhateng Gusti Allah lan dhateng Bapak. Kula sampun mboten pantes kawastanan putranipun Bapak. Mugi dipun anggep berah kémawon.’Bocah mau nuli ngadeg, banjur mulih menyang omahé bapakné. Nalika isih adoh, bapakné wis weruh klédhangé anaké.
Bapakné mau trenyuh atiné merga saka welasé. Anaké nuli diplayoni, banjur dirangkul lan diambungi. Bocah mau nuli matur: ‘Bapak, kula sampun nglampahi dosa dhateng Gusti Allah lan dhateng Bapak. Kula sampun mboten pantes kawastanan putranipun Bapak.’Nanging bapakné nimbali para abdiné lan didhawuhi mengkéné: ‘Énggal njupuka jubah sing apik dhéwé lan enggokna. Drijiné enggonana ali-ali, sarta sikilé enggonana sepatu. Nuli njupuka pedhèt sing lemu, sembelèhen. Ayo, kita padha nganakaké pésta.Sebab anakku iki wis mati, saiki urip menèh; wis ilang, saiki ketemu!’ Banjur wong saomah padha bungah-bungah. Nalika semana anak sing mbarep isih ana ing pategalan. Bareng mulih lan saya cedhak ing omahé, krungu swarané gamelan lan sindhénan. Bocah mau nuli ngundang sawi j ining abdi , sar ta takon: ‘ Ing omah lagi ana apa?’Wangsulané abdi mau: ‘Ndara, keng rayi sampun wangsul! Pramila ingkang Rama lajeng dhawuh mragat lembu ingkang saé piyambak, awit putranipun sampun wangsul kanthi wilujeng!’Bareng krungu aturé abdi kuwi, anak sing mbarep mau nepsu banget, lan ora gelem mlebu omah. Bapakné nuli metu nemoni sarta ngarih-arih anaké sing nepsu mau. Nanging anaké malah matur: ‘Pinten-pinten taun laminipun kula nyambut-damel setengah pejah kagem Bapak, mekaten ugi kula mboten naté mbangkang ing dhawuhipun Bapak. Éwasemanten menapa Bapak naté maringi menapa-menapa dhateng kula? Ménda ingkang supados kénging kula anggé bingah-bingah kaliyan kanca-kanca kula, setunggal kémawon mboten naté. Nanging pun ragil menika sampun nelasaken bandhanipun Bapak sedaya kanggé nyundel, mangka saweg kémawon dhateng, Bapak sampun mragataken pedhèt leman kanggé piyambakipun.’ Bapakné nuli mangsuli: ‘Anakku, enggèr, kowé kuwi rak salawasé ana ing kéné karo aku. Déné apa saduwèkku kuwi rak iya duwèkmu. Wektu iki wis samesthiné kita kabèh padha bungah-bungah, sebab adhimu wis mati urip menèh, wis ilang, ketemu!’ “
Mekaten Sabdaning Injil Suci.
Pinuji Sang Kristus.
Panglimbang
Pemandhu ngaturaken sarining panglimbang saking pethikan Kitab Suci ingkang nembé dipun waos.
- Waosan Injil ingkang nembé kita pireng ngandharaken babagan putra ragil ingkang martobat saking kadurakanipun awit sampun nyuwun lan ngabul-abulbandha bagéan warisanipun sarana gesang ingkang mboten pantes. Kejawi punika, Injil ugi ngandharaken welas asih Dalem Gusti ingkang tanpa winates. Minangka brayat katulik lan komunitas kristiani, prayogi manawi kita ugi saged ngatingalaken sih wilasa Dalem Gusti. Mbok manawi kita taksih asring nyebrataken lan mboten purun ngrengkuh sinten kemawon ingkang dosa lan nggadhahi kekirangan (inggih awit status perkawinan, padamelan, lsp), malah kepara nacat lan ngrasani Mbok bilih ing tengahing brayat lan komunitas, kita malah asring tumindak kados déné laré pembarep ingkang mboten purun nampi pamartobating sedhèrèkipun. Kautamaning brayat lan komunitas katolik sampun samesthinipun kedah salaras kaliyan welas asih Dalem dhateng sok sintena, langkung-langkung dhateng tiyang ingkang dosa lan sèkèng.
- Nglelimbang babagan bandha utawi bagean warisan, bagean warisan ingkanglangkung mirunggan ing tengahing brayat utawi komunitas punika boten namun awujud bandha donya, ananging minangka jejering pandhèrèk Dalem Gusti, bagean warisan ingkang aji punika awujud kautamèn ingkang dipun gegesang, kados déné kautamèning bapa ingkang tansah ngrengkuh lan nresnani sinten kemawon.
Sharing
Pemandhu kapurih ngajak umat saged nglelimbang lampah gesang brayatipun piyambak-piyambak lan neguhaken anggènipun sami ngudhar punapa ingkang dados pengalamanipun umat. Manawi dipun penggalih perlu, pemandhu saged mbagi umat wonten ing sawetawis kelompok sharing kanthi pitakenan punika:
- Punapawonten prekawis-prekawis ing tengahing brayat ingkang ndadosaken kita mboten rumaos krasan ing tengahing brayat utawi komunitas? Kénging punapa?
- Punapa ugi wonten prekawis ingkang ndadosaken kita rumaos mongkog dados péranganing brayat utawi komunitas? Kénging punapa?
- Kadospundi caranipun anggènipun kita lan brayat saged ngupadi ndadosaken brayat utawi komunitas kita punika dados papan ingkang langkung ngrengkuh lan neguhaken sedaya anggotaning brayat lan komunitas?
Sembahyangan Umat
Wonten ing sembahyangan punika, saben umat pinaringan wegdal kanggé
nyembahyangake umat sanès ing sisih tengenipun. Sembahyangan umat punika lajeng dipun pungkasi sembahyangan “Rama Kawula”.
Tugas Pribadi
Sabibaripun pepanggihan punika, saben umat pinaringan tugas salebetipun wekdal setunggal minggu samangke inggih punika nglajengaken nyembahyangake umat sanes ingkang kala wau dipun sembahyangake. Prayogi menawi pemandhu paring wekdal ingkang sami kangge sedaya umat saged sembahyang ing wekdal ingkang sami, umpaminipun jam 12 siyang, sedaya umat sesarengan “online” sembahyang saking papanipun piyambak-piyambak.
Sembahyang Panutup
Swawi sami munjuk, (mèndel sawetawis)
Dhuh Gusti Allah ingkang Mahawelas, kawula ngunjukaken atur panuwun ing ngarsa Dalem awit Gusti Yésus sampun kautus dados juru wilujenging sedaya titah Dalem. Katuntuna kawula sadaya supados sageda mbangun brayat lan komunitas ingkang ngrengkuh, nggematosi, lan neguhaken satunggal lan sanèsipun. Mugi Tyas Dalem ingkang panggah murub ing katresnan tansah ndadosaken manah kawula kebak ing katresnan kanggé ngudi dados berkah ing tengahing brayat lan komunitas kawula. Sedaya punika kawula unjukkaken lantaran Sang Kristus, Gusti kawula.
Amin.
Kidung Penutup