Margining Pamartobat:
Tinarbuka Tumrap Welas Asih Dalem Gusti

Ancas Tujuan

Lumantar pepanggihan punika, sedaya umat dipun ajak miwiti mangsa prapaskah punika kanthi manah ingkang penuh raos syukur awit kasok welas asih Dalem. Kanthi manah ingang andhap asor, umat dipun ajak sami tumemen anggènipun mujudaken niat pamartobat sajroning wegdal 40 dinten mangsa prapaskah.

Kidung Pambuka

Tanda Salib lan Salam

P : Konjuk ing Asma Dalem Hyang Rama, saha Hyang Putra tuwin Hyang Roh Suci

U : Amin

P : Sih nugraha Dalem Gusti Yésus Kristus, Asih tresna Dalem Allah Hyang Rama lan Hyang Roh Suci, tansah manunggala

U : Kaliyan kula sadaya

Cecala

Bapak-ibu lan para kadang ingkang kinasih,

Kados adat sabenipun wonten ing mangsa prapaskah, kula lan panjenengan sedaya sacara mirunggan sami nyawisaken riyaya Paskah kanthi mbangun semangat pamartobat. Menggahing niat pamartobat punika, sampun ngantos kita supé dhateng kasok welas asih Dalem Gusti. Pramila, wonten ing wiwitaning mangsa prapaskah punika, anggen kita sami ngudi niating pamartobat, kita sedaya dipun ajak mbangun sikap penuh raos syukur. Pramila kanthi nglelimbang pitakenan.

“Punapa kula sampun atur panuwun lan muji syukur ing ngarsa Dalem Gusti awit sedaya berkah ingkang sampun karentahaken?”, kita badhe sinau nyumurupi kados pundi kasok tresna Dalem Gusti punika nyata saben dintenipun: taksih pinaringan gesang, taksih saged unjal ambegan, sehat bagas saras, pinaringan rejeki, putra wayah saged sami sekolah lan makarya, lsp.

Punapa sedaya berkah ingkang sampun tinampi punika kita tampi kanthi manah ingkang penuh syukur ing ngarsa Dalem saben dintenipun?

Sapunika kita sampun mlebet mangsa prapaskah. Sumangga kita sami muji syukur awit sampun pinaringan wegdal 40 dinten kanggé cecawis dhiri sarana lampah pamartobat mapag riagung Paskah. Kita kaajak ngraosaken agenging katresnan Dalem Gusti. Mugi katresnan Dalem Gusti ingkang tansah kita tampi dados panjurung kanggé kita sadaya nggadhahi krenteg mbangun sikap pamartobat kita. Kanggé miwiti pepanggihan punika, sumangga kita cawisaken manah, penuh raos syukur munjuk ing ngarsa Dalem, lan kanthi andhap asoring manah, ngeduwungi kalepatan lan dosa-dosa kita.

Keduwung

I : Sadangunipun dosa kawula singidaken batos kawula sumpeg lan ngrerintih sadinten muput.

U : Rahayu wong kang dosané diapura.

I : Kawula ngakeni dosa kawula wonten ingarsa Dalem, dhuh Gusti, kalepatan kawula mboten kawula tutup-tutupi.

U : Rahayu wong kang dosané diapura

I : Nasibé wong kang dosa anané mung sangsara, nanging wong sing ngandel ing Allah linubèran asih tresna.

U : Rahayu wong kang dosané diapura

I :Muga Allah kang mahakuwasa karsaa paring palimirma lan pangapuraning dosa sarta nuntun marang urip langgeng.

U : Amin. 

Sembahyang Pambuka

Swawi sami munjuk, (mèndel sawetawis)

Dhuh Gusti Allah, Rama ingkang Maha Asih, kawula sami muji syukur ing ngarsa Dalem awit sampun kepareng nglampahi malih mangsa Prapaskah, wanci ingkang mirunggan kanggé cecawis dhiri lan atur panuwun awit kasok welas asih Dalem. Mugi Gusti tansah angampingi lampah gesang kawula sedaya lan paring berkah ingkang murugaken manah kawula saged panggah murup ing welas asih Dalem. Sedaya punika kawula suwun, lumantar Sang Kristus, Putra Dalem, ingkang sareng Panjenengan Dalem lan Hyang Roh Suci, gesang lan mengku keprabon, sapunika sarta ing salami-laminipun.

Amin.

Waosan Kitab Suci

Pethikan Kitab Suci punika saged dipun waos déning salah satunggaling umat ingkang rawuh, utawi dipun waos sacara giliran mbaka satunggal ayat déning sedaya umat. 

Waosan Kitab Suci kapethik saking Seratipun Rasul Yohanes ingkang kapisan (1 Yoh 3:1-6)

Rasakna! Semono gedhéné sihé Gusti Allah marang kita, nganti kita padha disebut para putrané Allah; lan kita iki pancèn padha dadi para putrané Allah. Mulané jagad sing ala iki ora wanuh marang kita, merga jagad ora wanuh marang Panjenengané. Sedulur-sedulurku sing daktresnani! Saiki kita padha dadi putraning Allah, nanging durung cetha kepriyé bakal kaanan kita ing tembé. Éwasemono kita padha ngerti yèn samangsa Sang Kristus ngetingal, kita bakal dadi padha karo Panjenengané, awit kita bakal padha ndeleng kaananing Panjenengané ing sanyatané. Sok wonga sing duwé pengarep-arep mengkono ing ngatasé Sang Kristus, padha nucèkna awaké dhéwé, supaya padha resika saka ing dosa, kaya déné kaanané Sang Kristus sing suci. Wong sing gawé dosa kuwi nerak dhawuhing Allah, awit sing diarani dosa kuwi nerak dhawuhing Allah.

Kowé padha ngerti yèn rawuhé Sang Kristus kuwi prelu mbirat dosa-dosaning manungsa, lan Panjenengané piyambak ora tau nglampahi dosa. Mulané sok wonga sing tetunggilan karo Sang Kristus kuwi ora gawé dosa menèh. Lan sok wonga sing tansah gawé dosa, kuwi durung weruh lan durung wanuh karo Panjenengané.Mekaten Sabda Dalem Gusti.

Sembah nuwun konjuk ing Gusti.

Panglimbang

Wonten ing wegdal punika, pemandhu WAJIB NGAJAK UMAT SAPERLU MAOS LEAFLET APP lan salajengipun ngandharaken sawetawis babagan ingkang mirunggan magepokan isining Kitab Suci.

Amrih sageda tansaya andayani sajroning mangsa prapaskah punika, sumangga kita gatosaken sapérangan prekawis magepokan gerakan APP ingkang samangké badhe kita lampahi sesarengan.

Semangat énggal anggènipun nglampahi APP

APP dados gerakanipun sedaya umat

Setya nglampahi lampah pamartobat 40 dinten

Nglelimbang Tema APP 2020:

Kita muji syukur awit sarana lelimbangan APP ingkang dipun lampahi sampun mawujud ing tengah-tengahing umat lan masyarakat. Kawigatosan umat katolik dhateng sesaminipun ugi sangsaya ngrembaka. Fokus pastoral tahun 2020 ngajak kita sadaya supados dados “Umat Katolik ingkang transformatif”. Salaras kaliyan fokus pastoral punika, tema APP ingkang kita lelimbang inggih punika “Martobat, Gumrégah Menyat, Mawoh Berkat”.

Salejengipun, punika sapérangan wosing panglimbang menggahing waosan Kitab Suci ing pepanggihan dinten punika:

Mbangun Niat

Wonten ing pepanggihan punika, pemandhu ngandharaken perlunipun sedaya umat sadhar menggahing dosa lan kalepatanipun, sarta mbudidaya mbangun niat pamartobat kanthi nglelimbang prekawis-prekawis punika.

(Cathetan: Sedaya dipun serat wonten ing kertas alit lan wajib dipun beta salebetipun mangsa prapaskah punika, ugi dipun beta wontening saben-saben pepanggilan salajengipun. Ing samangké pemandhu badhé ngémutaken prekawis niat-niat ingkang badhé dipun wujudaken ing mangsa prapaskah punika)

Sembahyang Penutup

Swawi sami munjuk, (mèndel sawetawis)

Dhuh Gusti Allah Rama ingkang Maha Asih, kawula tansah muji syukur ing ngarsa Dalem awit kasok tresna Dalem sajroning mangsa prapaskah punika. Katuntuna lampah gesang kawula supados ing mangsa prapaskah punika kawula sagah ngeduwungi dosa-dosa kawula sarta mbudidaya amrih bisaa nggayuh kasucianing gesang minangka putra-putra Dalem. Sedaya punika kawula unjukaken lantaran Sang Kristus, Gusti kawula, ingkang sareng Panjenengan Dalem lan Hyang Roh Suci, gesang lan mengku keprabon ing salami-laminipun.

Amin.

Kidung Panutup

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *