Nawala Uskup KAS ing Riyaya Ambal Warsa ka-74 Kamardikan RI

NAWALA USKUP KEUSKUPAN AGUNG SEMARANG ING RIYAYA AMBAL WARSA KA-74 KAMARDIKAN RI

Diwacakaké utawa dijlèntrèhaké ing Malem Tirakatan Kamardikan RI utawa Pahargyan Ékaristi dina Riyaya Kamardikan RI Jumuwah, Setu, lan Minggu: 16 – 18 Agustus 2019

 

“Dadi Manungsa lan Bangsa kang Pinunjul sarta Mengku Martabat”

 

Para Sadulur, umat katulik ing Keuskupan Agung Semarang kang kinasih.

Pamaréntah Indonésia lumantar Layang No.: B-799/M.Sèsneg/SET/TU.00.04/07/ 2019 tanggal 23 Juli 2019, nemtokaké téma: “SDM Unggul, Indonésia Maju” kanggo ngriyayakaké ambal warsa ka-74 kamardikan RI iki. Sumber Dayaning Manungsa (SDM) kang pinunjul mula dadi sarat penting supaya Indonésia maju. Iki salaras karo pangandikané Présidèn RI nalika paring sambutan ing Rembug Nasional Pendhidhikan lan Kabudayan 2018, mapan ing Pusdiklat Kemendikbud, Sawangan, Dépok, Jawa Barat, Selasa 6 Fèbruari 2018. Présidèn ngandika mangkéné, “Majuning negara iku gumantung banget ing sumber dayaning manungsa sing ana. Bab liya sing ora kalah penting yaiku jejeging urip sosial lan politik, manajemèn papréntahan, nguwasani ilmu pengetahuan lan teknologi, sarta kendel ada-ada lan duwé daya nemokaké sing anyar  saka SDM-é.”

Indonésia pancèn sugih dayaning manungsa, awit pendhudhuké 265 yuta, nomer papat ing donya iki. Nomer 1 Cina, nomer 2 India, lan nomer 3 Amerika Serikat (sumber: The Spectator Index, taun 2018). Jiwa 265 yuta iku nyata dadi “modal sosial” sing gedhé banget tumrap Indonésia. Nanging ya isih kudu didandani lan digarap, karebèn SDM Indonésia mutuné mundhak utawa sangsaya apik. Manut panaliti taun 2018 déning Bank Dunia ing 157 negara, SDM Indonésia isih ana ing urutan 87. Isih mrihatinaké banget. Iki dadi tantangané kabèh warganing bangsa kita. Mula padha gelema ngetog tenaga kanggo ngundhak-undhakaké mutuné SDM nganti dadi pinunjul, amrih majuning bangsa.

Ing pahargyan pèngetan ka-74 kamardikan RI iki, kita diajak munjuk sukur konjuk ing Gusti awit nugraha sing ditampa déning bangsa iki, ya awujud sumber dayaning manungsa sing gedhé, ya awujud sumber dayaning alam kang lubèr-lubèr. Kita munjuk sukur uga ya marga nugraha urip tentrem, paseduluran, lan karukunan marga olèhé padha ajèn-ingajènan lan nampa sarta ngurmati kabébasan, lan uga béda-bédané kasunyatan, luwih-luwih suku, agama, ras, lan golongan  (SARA), uga lenging karep (aspirasi) lan pilihan pulitik. Sacara mirunggan kita munjuk sukur marga tentrem lan rancagé Pemilu Législatif lan Pemilu Présidèn. Uga marga Mahkamah Konstitusi wis wèwèh karampungan nangani pasulayan gandhèng karo prosès lan asiling pemilu. Kita bangsa Indonesia wis diparingi Présidèn lan Wakil Présidèn sing gumathok, ora bisa dionggrèh-onggrèh. Pilég 2019 uga wis ngasilaké anggota-anggota législatif. Kita ndedonga kanggo Présidèn, Wakil Présidèn, lan para wakiling rakyat kang pinilih, muga-muga bisa nyambut gawé saapik-apiké amrih karaharjan lan kemajuaning bangsa.

Waosan kapisan ing dina iki (Sirakh 10:1–8) makili pangangen-angen kita ing bab Pamaréntah kang wicaksana, kang bisa njamin katertiban ing masarakat. Pemimpin sing ora wicaksana nglebur rakyaté, nanging pemimpin sing wicaksana njalari bangsa raharja. Aja nganti lakuning bangsa keganggu marga wewengis, laku daksiya, lan para panggedhé sing kédanan bandha.

Para Sadulur kinasih ing sang Kristus,

Minangka bangsa, kita isih kudu terus ngudi undhaking pangaji kita marang hak asasining manungsa (HAM). Iba wigati urmat marang kabébasaning hak ngrasuk agama lan ngibadah manut agama sing dirasuk. Mungguh wigatiné lungguhing agama mbangun padhaméaning donya, kacetha ing déklarasi kang ditapakasamani bareng déning Paus Fransiskus karo Imam Agung Al-Azhar Ahmad Al-Tayyib ing Abu Dhabi, 4 Fèbruari 2019 kapungkur. Déklarasi iki mengku isi pasaduluraning umat manungsa kanggo padhaméaning donya lan urip bareng.

Salah sijine pokok penting sing kamot ing déklarasi iku unine mangkéné, “Kabébasan iku dadi haké saben wong: saben pribadi duwé hak urip ing kabébasan ngrengkuh kayakinan, mikir, mbabar gagasan, lan tumindak. Pluralisme, yaiku manékawarnaning agama, warnaning kulit, priya-wanita, ras, lan basa, iku mula dikarsakaké dening Gusti ing kawicaksanané. Manungsa mono rak dititahaké déning Panjenengané. Ya kawicaksanan ilahi iki sing dadi sumbering hak kabébasan ngrengkuh kayakinan lan kabébasan sing wohé awujud kasunyatan sing manca-warna. Mula, lelakon anané wong sing dipeksa ngrasuk agama utawa budaya iki utawa iku, kudu ditolak. Mangkono uga rudha peksa supaya nguripi budaya sing ora katampa ing liyan.”

Timbalan urmat marang kabébasaning pepadha iku minangka timbalan nuhoni karsaning Allah, yaiku urip minangka wong-wong mardika sing ora mlintir kamardikan peparingé Gusti, nanging urip minangka abdi-abdining Allah sing urmat-ingurmatan (waosan kapindho: 1Ptr. 2:13–17). Aja nganti ana sekongkelan lan niyat-niyat ala, njarag ngrusak jeneng utawa tumindak beciké wong, ngremuk wong apik, lan nyirnakaké wong sing tumemen cancud kanggo bangsa lan negara.  Aja kaya panyuwun pirsane wong-wong Parisi lan kaum Hérodian sing sekongkel pasang kala kanggo njiret Gusti Yésus (waosan Injil Mat. 22:15–21).

Para Sadulur kinasih ing sang Kristus,

Aku arep mungkasi Nawala Pangon iki srana ngajak panjenengan sapisan manèh: sembahyanga lan sengkuda nyambut gawé bareng karo para pamimpining negara kita, kanggo mujudaké idham-idhaman luhur lan mulya, déné kok kabangun pamaréntah Negara Indonésia kaya sing kacetha ing Pambukaning UUD 1945, kang tujuanné: “ngayomi bangsa Indonésia lan tumpah rah Indonésia, lan kanggo yasa majuné karaharjan umum, lantiping uripé bangsa, lan nindakaké katertibaning donya linambaran kamardikan, padhaméan langgeng lan kaadilan sosial”. Carané yaiku srana ngudi mutuné sumber dayaning manungsa lumantar pendhidhikan lan mekaraké semangat kabangsan, temahan kita darbé lan dadi putra-putraning bangsa sing pinunjul lan mengku martabat.

Berkahing Gusti lumubèr ing Sadulur kabèh, luwih-luwih ing bangsa lan negara kita. Dirgahayu Indonésia. Merdhéka! Merdhéka! Merdhéka!

Berkah Dalem Gusti.

 

Semarang, 6 Agustus 2019

Ing Pista Sri Yésus Ngatingalaké Kamulyan Dalem

 

Mgr. Robertus Rubiyatmoko

Uskup Keuskupan Agung Semarang

 

 

 

Nawala ing basa Indonesia

Facebook
Google+
Twitter

Kabar lain