NAWALA PRAPASKAH 2018
KEUSKUPAN AGUNG SEMARANG

Dipun terangaken/dipun waosaken Sabtu-Minggu, 10-11 Februari 2018

“NGUDI TULUSING KATRESNAN
KINANTHÈN ING LATHI LAN LAKU”

Anak-anakku, kadang mudha, Ibu, Bapak, Frater, Suster, Bruder, lan para Rama kang banget tak tresnani, Berkah Dalem.
Awaké dhéwé bakal miwiti wektu mirunggan patang puluh dina sakdurungé riyaya Paskah (quadragesima), yaiku wektu pasa lan sesirik ing Mangsa Prapaskah. Wiwitané mangsa Prapaskah, yaiku dina Rebo Awu, tanggal 14 Februari 2018. Ing wektu mirunggan patang puluh dina mangsa pasa lan sesirik iki, aku panjenengan minangka umat Katolik pinaringan wektu lan kesempatan kanggo gladhi rohani utawa retrèt agung kanthi setya lan temen, saperlu nglelimbang utawa nyawisake Baptisan, uga ngudi sikap pamartobat lan wujud asih tresna marang pepadha (bdn. Konstitusi Liturgi 109).
Ing sakjroné mangsa Prapaskah, awaké dhéwé bakal padha nganyaraké lan nucѐkaké ati srana mesu dhiri lan matiraga lelandhesan pengarep-arep lan rasa atur panuwun awit kasok tresna Dalem Gusti kang semono gedhéné, sanadyan awaké dhéwé iki sèkèng lan kebak dosa. Kanthi ati manteb lan uga bebarengan karo sanak sedulur Katolik liyané, awaké dhéwé mbudidaya amrih tedhaké Kraton Dalem ing sadhèngah papan lan kahanan. Sikap pamartobat sing tenanan bakal ngetokaké woh mbiyet ing kautaman katresnan, luwih lantib amargo nduwèni ati penuh ing katresnan marang pepadha, ngudi kaadilan, luwih-luwih kanggo sanak kadang kang kesrakat lan mlarat. Awit, “Pasa sing Dakkersakaké kuwi mengkéné: Nguculana ranténing panyia-nyia, mbuwanga momotan sing ora adil, luwarana wong sing ditindhes! Wong luwé wènèhana panduman saka panganmu dhéwé, wong miskin lan wong glandhangan wènèhana pondhokan, wong kewudan wènèhana sandhangan, lan aja owel mitulungi sedulur-sedulurmu dhéwé” (Isaias 58: 6-7).
Para kadang kinasih ing Gusti,
Gusti Yésus paring tuladha kepriyé bisané nduwèni ati kang penuh welas asih lan preduli marang sanak sedulur kang nandhang susah, kesrakat lan sing disiya-siya. Ana ing pethikan Injil Suci sing kita pirengaké ing dina pèngetan kanggo wong lara sadonya (Hari Orang Sakit Sedunia), Santo Markus (Mrk. 1: 40-45) ngandharaké kepriyé anggèn Dalem Gusti ngetingalaké kasok tresna Dalem marang wong budhugen sing nguwuh-uwuh nyuwun disarasaké. Zaman semana, wong budhugen mono pancèn klebu wong sing kudu disingkiri lan uga kudu ngedoh saka papan pasrawungan padinan. Ewasemono, Gusti Yesus mandar kersa ngulungaké astané: paring berkah lan banjur nyarasaké wong budhugen mau.
Minangka jejering murid-murid Dalem Gusti Yesus, awaké dhéwé tinimbalan kanggo nggegulang ati kang panggah murub ing welas asih, nampa lan ngrengkuh sanak sedulur sing nandhang susah, kekurangan, lan kasébrataké saka tengah-tengahing masyarakat. Mula, ana ing wektu mirunggan Aksi Puasa Pembangunan tahun 2018, awaké dhéwé nglelimbang tema: “Ngudi Tulusing Katresnan Kinanthѐn ing Lathi lan Laku.” Kanthi panglimbang kaya mengkono iku, ayo padha gumrégah ndhѐrѐk cawé-cawé, tansah nyengkuyung sapa waé, luwih-luwih sedulur sing mbutuhaké pitulungan. Awu sing bakal padha ditampa ing dina Rebo Awu, muga tansah ngélingkaké kasѐkѐngan lan dosa-dosa kita. Malah kepara, uga neguhaké anggoné ngudi rasa syukur awit kasok tresna Dalem Gusti. Kanthi mengkono awaké dhéwé tansah ngudi anggoné gelem nggolèki, ngrengkuh lan sumadulur marang sapa waé kang lagi nampa panandhang, ketriwal, ngedoh utawa kecingkrangan.
Kadang kinasih mesthiné uga wis padha mangerti, menawa dina Jemuah, 16 Februari 2018, pas dina tahun anyar Imlèk, bareng karo dina sesirik. Kanggo para sedulur Katolik sing bakal ngriyayakaké tahun anyar Imlèk daksuwun kalodhangané kanggo nguripi semangat miwiti tahun anyar Imlek sing selaras karo semangat Prapaskah, yaiku minangka wektu pamartobat kanthi pasa lan sesirik. Wektu mirunggan kanggo kumpul brayat ing dina Kemis utawa Jemuah, tanggal 15 utawa 16 Februari, uga pèngetan Cap Go Meh, dirayakké minangka rasa atur panuwun awit berkah Dalem Gusti sing tansah kaparingaké. Daksuwun wektu iki dadi kalodhangan kanggo nélakaké rasa tresna lan anggoné nggatèkaké sedulur utawa brayat sing kesrakat. Riyayakna taun anyar Imlèk kanthi semangat andum berkah lan dadi berkah kanggo sedulur sing kesrakat lan kekurangan. Kanthi mengkono, wujuding katresnan ora cukup ana ing lathi waé, nanging uga kanyata ana ing laku tandang gawé-tandha tresna.

Para kadang kinasih ing Gusti,
Ing wektu mirunggan iki, Rama Uskup sembahyang lan nyenyuwunaké berkah mirunggan kanggo para sedulur kang lagi nandhang gerah, sedulur kang ngrenggiyeg kabotan sesanggan, sedulur lan umat kang kijènan ora duwé sapa-sapa, para adiyuswa langkung-langkung kang ginanjar gerah, uga para sanak kadang kang mbutuhaké kawigatèn mirunggan. Ayo, miwiti wektu mirunggan gladhi rohani sakjroning patang puluh dina kanthi tekun, setya lan temen.
Sih kawelasan Dalem Gusti tansah rumeksa, njangkung, lan neguhaké para sedulur. Berkah Dalem Gusti tansah kajiwa lan kasarira: † Hyang Rama, saha Hyang Putra lan tuwin Hyang Roh Suci. Amin.

PRANATAN PASA LAN SESIRIK TAUN 2018

Jumbuh karo Ketentuan Pastoral Keuskupan Regio Jawa tahun 2016, pasal 138 no. 2 bab pamartobat, pranatan pasa lan sesirik kanggo Umat Katolik KAS katetepaké mangkéné:
1. Dina pasa taun 2018 yaiku Rebo Awu tanggal 14 Februari 2018, lan Jemuah Adi tanggal 30 Maret 2018. Dina kanggo sesirik yaiku dina Rebo Awu lan pitung Jemuah sajeroning mangsa Prapaskah nganti tekan dina Jemuah Adi.

2. Kang wajib pasa yaiku kabèh umat Katolik sing wis umur 18 taun nganti tekan 60 taun. Kang wajib sesirik yaiku kabèh umat Katolik sing wis umur 14 taun munggah.
3. Tegesé pasa yaiku, mangan wareg sedina sepisan. Déné tegesé sesirik yaiku ora mangan daging utawa panganan sing disenengi.
4. Amarga pranatan pasa lan sesirik iku ènthèng, prayoga manawa umat sakcara pribadi utawa ana ing brayat, lingkungan, wilayah, komunitas pastoran/seminari lan wiara, nemtokaké dhéwé kang cocok karo kahanan. Sing baku bisa ngatonaké semangat pamartobat sejati supaya pengandel kang kita ugemi iki sangsaya sampurna. Kanggo nélakaké tandha pamartobat sing sayekti, Rama Uskup nyuwun kawigatèn pérangan iki:
a. Ana ing brayat, ana ing kesempatan pertemuan lingkungan utawa paguyuban, ditemtokaké cara pasa lan sesirik kang ngetrepi kanggo gladhi rohani miturut umur lan kabisané: kanggo bocah-bocah, kanggo remaja utawa kanggo kadang anom, utawa kanggo para pinisepuh lan adi yuswa.
b. Becik uga manawa sajroning mangsa Prapaskah patang puluh dina, umat sakcara pribadi utawa bebarengan, komunitas wiara/pastoran/seminari milih nindakaké wujud pamartobat sing luwih migunani lan mujudaké tandha tresna kang luwih gumathok.
c. Mujudaké tandha welas asih lan katresnan kanthi cara karitatif (mligi bantuan) utawa pemberdayaan kang mratandhani wujud tresna marang alam gumelar peparing Dalem Gusti, uga kanggo masyarakat sak kiwa tengené.
d. Ngadani gladhi rohani utawa pambudidaya sakcara pribadi utawa bebarengan kang tundhoné bisa nganyaraké urip Katolik, upamané kanthi rékolèksi, retrèt, gladhi rohani, sembahyang dalan pamenthangan, nampa sakramèn tobat, novéna, adorasi lan sapituruté.
5. Salah sijining wujud pamartobat yaiku Aksi Puasa Pembangunan (APP). Tundhoné ndayani kanggo kemajuwaning pasamuwan kanthi daya pribadi, solidaritas kanggo Paroki, Keuskupan lan tingkat Nasional. Tema APP tahun 2018 “Ngudi Tulusing Katresnan Kinanthѐn ing Lathi lan Laku” kaya sing wis disiapaké dening Panitia APP Keuskupan Agung Semarang.
6. Ngepasi riaya Imlèk tahun 2018, Rama Uskup nyuwun supaya:
a. Dina Jemuah, 16 Februari 2018, minangka taun anyar Imlèk tetep padha nindakaké sesirik. Umat Katolik KAS sing ngriyayakaké taun anyar Imlek supaya tetep nindakake sesirik ing dina iku, déné menawa ora, supaya nemtokaké wektu sesirik ing dina liya minangka gantiné.
b. Umat Katolik KAS kepareng ngriyayakaké taun anyar Imlèk ing dina Jemuah, 16 Februari 2018, utawa dina liya candhaké, kanthi nggatèkaké pranatan Liturgi mangsa Prapaskah, lan tetep ngudi semangat ambeg welas lan andum berkah sumrambah kanggo para sedulur kang kesrakat, kaluwèn, disiya-siya utawa merlokaké pitulungan mirunggan.

Salam, donga lan Berkah Dalem Gusti.
Semarang, 2 Februari 2018,
ing pèngetan Gusti Yésus kapisungsungaké ing Pedaleman Suci.

Uskup Agung Keuskupan Agung Semarang
† Mgr. Robertus Rubiyatmoko