NAWALA PANGON
USKUP KEUSKUPAN AGUNG SEMARANG
MENGETI DINA PANGAN SADONYA KA-36

Diterangaké/diwacakaké ing dina Setu–Minggu, 13–14 Oktober 2018

“BRAYAT MINANGKA KOMUNITAS ANDUM PANGAN”

Para Sadulur, umat katulik ing Keuskupan Agung Semarang kang daktresnani,
Wiwit tahun 1982, saben tanggal 16 Oktober Pasamuwan Katulik mèlu mèngeti Dina Pangan Sadonya (Hari Pangan Sedunia/HPS). Ing pèngetan kang kaping 36 iki, Konferènsi Wali Geréja Indonésia (KWI) ngajak kabèh umat katulik ing Indonésia supaya nglelimbang téma: “Brayat minangka Komunitas Andum Pangan”. Semangat andum iki mula penting dimekar-mekaraké wiwit saka ing brayat. Ing pangajab, brayat bisaa dadi komunitas andum, luwih-luwih andum ing bab pangan.

Yèn semangat andum ora dimekar-mekaraké ing saben pribadi, wegah utawa owel andum bisa kelakon. Conto patrap owel andum sing mangkono iku kacetha ing critané wong sugih kaya sing diandharake dening Injil dina iki. Ing kono dicritakaké: ana wong sugih sowan Gusti Yésus. Wong iku nyuwun priksa, apa sing kudu ditindakaké karebèn bisa nampa urip langgeng. Gusti paring wangsulan: bisané wong nampa urip langgeng mono kudu ngèstokaké kabèh dhawuhing Allah, yaiku “aja gawé raja pati, aja laku jina, aja nyenyolong, aja ngucap paseksèn goroh, aja ngurangi haké wong, lan ngurmatana bapakmu sarta biyungmu” (Mrk 10:19).

Kapriyé tumanggapé wong iku? Krungu wangsulané Gusti Yésus, wong iku celathu, “Guru, sadaya punika sampun kula èstokaken wiwit nalika kula alit.” Nanging Gusti Yésus mriksani wong iku lan dhawah trenyuh, nuli ngandika, “Mung kari siji kakuranganmu: Budhala, kana dolen apa sing dadi darbèkmu lan wènèhna marang wong-wong miskin, lan kowé bakal nampa brana ing swarga, banjur mrénéa lan mèlua Aku.” Krungu tetembungan iku, wong iku cuwa ing ati, banjur lunga kanthi sedhih, awit raja branané mula akèh (Mrk 10:20–22).
Terang yèn wong iku wegah andum. Sajaké ing pangalamaning uripé, wong iku ora tau diajari lan dikulinakaké, kapriyé kudu andum, luwih-luwih andum marang wong-wong miskin. Mula bareng krungu yèn Gusti Yésus ngarsakaké supaya ngedol barang darbèké lan ngedumaké pepayoné marang wong-wong miskin, wong iku kuciwa lan sedhihé kepati-pati.

Para Sadulurku, putra-putraning sang Kristus kang kinasih,
Ngugemi téma Dina Pangan Sadonya: “Brayat minangka Komunitas Andum Pangan”, sacara mirunggan umat kabèh dakajak ngunjukaké sukur awit nugraha pangan kang tinemu cukup ing brayat-brayat kita. Déné carané: mekar-mekaraké terus kautaman ngajèni pangan lan gelem andum luwih-luwih marang sadulur-sadulur kita sing kacingkrangan. Banjur kapriyé carané mekar-makaraké kautaman-kautaman iku?

Kapisan, marang brayat-brayat katolik ing Keuskupan Agung Semarang sing panggautané dadi petani, peternak, utawa nelayan: aku ngajak panjenengan kabèh supaya munjuk sukur, gedhé ati lan bungah, déné wis kepareng ndhèrèk tumandang ing pakaryaning Allah, yaiku gawé raharjaning pepadha liwat panggautan sing asilé awujud bahan pangan kanggo nyukupi kabutuhaning manungsa kang baku. Petani, peternak, lan nelayan, iku dudu martabat kang nistha, nanging mulya banget lan dibutuhake banget dening wong akèh. Tanpa panjenengan, kabutuhané masarakat kang baku, mokal bisa ana. Mula ya wis sapantesé yèn kita nggematèni tanduran pangan lan ternak kita kanthi ati mongkog lan bungah.
Kapindho, marang brayat-brayat sing ngrasakaké asiling kringeté para petani, peternak, lan nelayan: mara ayo kita mekar-mekaraké kautaman ing brayat kita, bisaa ngajeni lan ngurmati profèsi petani, peternak, lan nelayan, srana mbangun patrap duga-duga, lan ora ngulinakaké nyisa utawa mbuwang panganan. Déné marang wong sing tumiyung ing ati seneng mbuwang panganan, Bapa Suci Paus Fransiskus, liwat ensiklik Laudato Si, ngelingaké kita bab anané ancaman “budaya mbuang” sing sumusup ing polah-tingkah kita (ktd. LS 22).

(Katelu?), Panjenengan kabèh uga dakajak: dipadha gemi, yaiku nggemèni utawa ngopèni panganan peparingé Gusti. Nanging ya aja banjur dadi owel lan uthil utawa medhit andum rejeki marang papadha, luwih-luwih sing kepèpèt temenan.

Kanggo nggayuh tujuan iku, ngajèni pangan minangka berkahing Allah marang sabarang titah lan andum pangan minangka wujuding patrap sabéla rasa, kudu disuburaké manèh lan manèh tanpa ana pedhoté. Upaya iku ora mung ditindakaké ana ing tengahing brayat, nanging sumrambah tekan ing komunitas-komunitas utawa klompok-klompok ing masyarakat.

Ngèlingi iba wigatiné pangan kanggoné umat manungsa, kita perlu mbangun padatan sing becik gegandhèngan karo pangan iki, upamané:

1) ngulinakaké sembahyang “arep” lan “bakda” mangan, ya sacara pribadi ya bebarengan ing brayat lan komunitas kita, kanggo munjuk sukur awit nugraha pangan sing kita tampa saka Gusti;
2) ngudi pola mangan lan panganan sing séhat;
3) gerakan “Jemuah pantang mangan sega” utawa gerakan “Jemuah mangan panganan lokal”;
4) mbangun padatan ora nyisa lan ora mbuang-mbuang panganan.

Para Sadulur, umat katulik ing Keuskupan Agung Semarang kang kinasih,
Ing kalonggaran iki, mara ayo sacara kusus kita uga “sembahyang kanggo” lan “matur nuwun marang” para petani, peternak, nelayan, lan sapa bae sing kanthi tekun lan sabar wis mbudidaya nyukupi pangan kanggo kita kabèh. Muga para kadang iku tansah linubèran ing nugraha kabungahan, kasarasan, lan karaharjan.

Ing wasana, kanthi penuh ing sukur awit lubèring sih nugraha kang kita tampa, ayo kita ngudi kaluwih sengkud manèh anggon kita “ada-ada lan tumandang” ing gerakan Dina Pangan Sadonya taun iki (ktd. EG art. 24), awit, kaya sing dingendikake dening Rasul Paulus: “Sakèhing ruwet-renteng bisa daksangga ing Panjenengané kang paring kakuwatan marang aku. Éwa samono becik uga pakartimu, déné kowé wis mèlu cawé-cawé ing kasusahanku. Allahku bakal nyukupi kabèh kaperluanmu miturut brana lan kamulyané ing sang Kristus Yésus” (Flp. 4: 13–14, 19).
Berkah Dalem Gusti!

 

Semarang, 27 Sèptèmber 2018
Ing dina Pèngetané Santo Vincentius a Paulo
sutresnèng wong-wong cilik lan miskin

 

Mgr. Robertus Rubiyatmoko
Uskup Keuskupan Agung Semarang