NAWALA PANGON USKUP KEUSKUPAN AGUNG SEMARANGING MINGGU SEMBAHYANG SADONYA KA-111

diterangaké/diwacakaké ing dina Sabtu–Minggu, 19–20 Januari 2019

TIMBALANÉ PASAMUWAN NJEJEGAKÉ KAADILANAMRIH TATA TENTREMÉ UMAT MANUNGSA

Para Sadulur, umat katulik ing Keuskupan Agung Semarang kang kinasih.

Minggu Sembahyang Sadonya (MSS) tumapak manèh. Minggu Sembahyang Sadonya diwiwiti sacara ékuménis déning Déwan Kepausan kanggo Manunggalé Umat Kristiani (Kristen Katolik) bareng karo Komisi Iman lan Hukum Déwan Geréja-Geréja Sadonya (Kristen Protèstan) ing taun 1908. Saiki umuré wis 111 taun. Gerakan sembahyang bareng iki ditindakaké supaya umat kristiani ing saindhenging jagat padha manunggal.

Ing taun 2019 iki Konfèrensi Wali Geréja Indonesia (KWI) bareng karo Persekutuan Geréja-Geréja ing Indonésia (PGI) ngangkat téma: “Mung kaadilan, iku sing kudu dioyak”. Téma iki lelambarané kitab Wulang Tutur 16: 18–20, sing ngulemi kita kabèh, luwih-luwih para “manggalaning anggêr” (“penegak hukum”), supaya ngayahi jejibahan lan timbalan kemasarakatané kanthi becik lan bener, salaras karo wewatoning hukum sing lumaku, yaiku “ora mlekotho” lan “dedolanan” hukum, njungkir walik kaadilan lan bebener, pilih kasih, lan nampa besel.

Panglimbang bab téma Minggu Sembahyang Sadonya 2019 iki ngiras pantes dadi uleman kanggo kita kabèh supaya setya nuhoni timbalan, srana mèlu tumandang njejegaké hukum, supaya kaadilan, katertiban, lan katentremaning umat manungsa, bisa maujud. Hukum sing maton dadi sarat penting kanggo jejeging kaadilan, temahan karaharjanining umum (bonum commune) bisa maujud.
Para Sadulur, umat katulik ing Keuskupan Agung Semarang kang kinasih

Ing keuskupan kita kang kita tresnani iki, Minggu Sembahyang Sadonya dadi gerakaning umat, sing dikumandhangaké lan diayahi wiwit taun 2010. Iki ada-adané Komisi Hubungan Antaragama lan Kapercayan (HAK). Riyayané awujud kagiyatan pokok loro. Kapisan, sajroné seminggu (tanggal 18–25 Januari) umat katulik ing paroki-paroki, stasi-stasi, lan komunitas-komunitas, diajak sembahyang lan nglelimbang bahan-bahan Minggu Sembahyang Sadonya, racikané Komisi HAK-KAS. Kapindho, pangibadah Ékuméne. Ing pangibadah iki Imam, Pendhéta, lan umat saka Pasamuwan Katulik lan Pasamuwan-Pasamuwan Protèstan, tumandang. Muga Minggu Sembahyang Sadonya iki terus ngosikake umat, nganti sembahyangé Gusti Yésus “supaya kabèh padha manunggal” (“ut omnes unum sint” – Yoh. 17: 21, sangsaya dadi kasunyatan.

Kita nggegadhang, cak-cakané gerakan Minggu Sembahyang Sadonya iki dadi pangupaya nyata déning Pasamuwan Umating Allah Keuskupan Agung Semarang, anggoné mbabar karaharjan umum ing tengah-tengahing masarakat sing manca-warna budayané iki. Karaharjan umum sing mengku isi “thêk-kliwêring kahanang uriping kemasyarakatan, sing njalari klompok-klompok lan saben wong bisa luwih penuh lan lancar anggoné nggayuh kasampurnané dhéwé-dhéwé,” (GS 26) kudu dilabuhi bareng déning Pasamuwan kabèh.

Kajaba gerakan sembahyang bareng, bab liya sing nyangga karaharjan bisa maujud, yaiku politik sing apik. Ing Dina Bedhamèn Sadonya (1 Januari 2019) Bapa Suci Fransiskus ing piwelingé marang para pamimpining donya mratélakaké, manawa politik sing apik iku leladi kanggo bedhamèn. Sri Paus nggenahaké manawa politik iku dadi tanggung jawabé kabèh warganing negara, luwih-luwih wong-wong sing nampa purba wasésa ngayomi lan mangrèh. Politik dadi wedaran salah siji sing luhur dhéwé mungguhing “amal katresnan” lan “alang ujuré bangsa ing tembé buri”.

Sanyatané, politik bisa kita tindakaké srana mèlu pemilihan umum sing arep kelakon iki, srana migunakaké hak swara kita kanthi lantip, wicaksana, lan patitis. Aja golput yaaa…!!! Ayo kita riyayakaké pista dhémokrasi sing wis cepak iki srana milih Présidèn lan Wakil Présidèn sing merakyat temenan, sing gelem nyambut gawé nglabuhi rakyat, lan nyata-nyata ngrungkebi kaadilan amrih karaharjaning rakyaté. Ing kalonggaran iku uga, kita uga milih para wakiling rakyat sing saguh lan bisa ngrungokaké sarta nglantaraké pangarep-arepé rakyat nggayuh karaharjan bareng.

Para Sadulur, umat katolik ing Keuskupan Agung Semarang kang kinasih.

Kajaba srana ambyur ing donyaning politik, kaadilan kanggo karaharjaning umum uga bisa kita ranggèh. Waton kabèh warganing masarakat sing béda agama lan pangandelé iki gelem srawung lan tinarbuka dhiri, sarta rila tumandang kanggo nyukupi kabutuhaning pepadha, kaadilan kanggo nggayuh karaharjaning umum wis mesthi bakal kelakon. Ing bab iku kita wis nampa tuladha ngégla ing pripadiné Ibu Maria, kaya sing kita sawang ing Injil dina iki (Yoh. 2: 1–11). Minangka warganing masarakat, Ibu Maria rawuh lan preduli ing bot-répoting urip bareng ing lingkungané. Nalika kadangé duwé gawé pista pangantèn, Ibu Maria rawuh lan tumandang. Iki katitik nalika sing duwé gawé iku kentèkan anggur. Ibu Maria tanpa sranta paring karampungan srana nyuwun pambiyantu marang Sri Yésus, putrané. Lila legawané Ibu Maria tumandang lan tinarbuka dhiri, lan gampang tumanggapé marang kabutuhaning pepadha, wis njalari brayat iku kalis saka wewirang ing sangarepé para dhayoh.

Mulané ing kalonggaran iki uga aku ngajak para Sadulur kabèh supaya ambyur ajur-ajèr ing tengahing masarakat. Ya kanthi cara iki “ana” kita ing tengahing masarakat diakoni lan “kiprah” kita uga dirasakaké paédahé kanggo nggayuh kaadilan amrih babaré karaharjan bareng. Sacara kusus, aku njurung kaum mudha katulik ing KAS supaya tanpa kendhat ngudi bisané ambyur ing ombyaking srawung karo wong liya ana ing lingkungané dhéwé-dhéwé, nganti jati dhiri lan jêjêr kita minangka “uyah” lan “pepadhang”-ing jagat, sangsaya katon nyata (ktd. Mat. 5: 13–16).

Mungkasi Nawala Pangon iki, kalilanana aku ngaturaké panuwun kang tanpa upama awit penyengkuyungé umat kabèh ing “Srawung Kekadangan Sejati Kaum Mudha KAS” sing ditindakaké wiwit Maret 2018 nganti tekan ing pucaké tanggal 26–28 Oktober kapungkur. Kadadéyan sing mratélakaké pangandel lan urip sosial iki sangsaya katon pikukuhé marga saka rawuhé para tokohing lintas agama lan kapercayan lan anggoné padha paring panyengkuyung sapenuhé. Kalonggaran iku kaajab sangsaya mecut kita kabéh, luwih-luwih kaum mudha, supaya terus srawung kanggo mbangun lan mekaraké kekadangan sejati lintas agama. Srawung iku kudu diwiwiti ing ati kita dhéwé-dhéwé, sing banjur njalari wong kadêrêng ketemu karo papadhané, kawengku ing nalar sing becik lan bener negesi kekadangan, supaya karaharjan bareng maujud temenan.

Ayo kita miwiti dina-dina sembahyang ing Minggu Sembahyang Sadonya kanggo Manunggalé Umat Kristiani iki. Urip rukun lan nyadulur kita katonaké, temahan taun 2019 iki dadi taun penuh ing berkah kanggo sapa baé.

Semarang, 8 Desember 2018
Dina Riyaya Sang Kenya Maria Ginarba Tanpa Ciri (Maria Imaculata)

 

Mgr. Robertus Rubiyatmoko
Uskup Keuskupan Agung Semarang

Facebook
Google+
Twitter

Kabar lain