NAWALA PANGON PRAPASKAH 2019
KEUSKUPAN AGUNG SEMARANG
diwacakaké/diterangaké, Sabtu–Minggu, 2–3 Maret 2019
“SANGSAYA GUMREGAH ANDUM BERKAH”
Para Ibu, Bapak, Kaum Mudha, Kaum Remaja, lan Anak-Anak; para Rama, Bruder, Frater, lan Suster kang kinasih ing sang Kristus,
Ing dina Rebo Awu, 06 Maret 2019, kita arep miwiti mangsa Prapaskah patang puluh dina suwéné nganti tekan tanggal 19 April 2019. Mangsa Prapaskah iki bisaa dadi wektu kanggo cecawis nampa baptis tumrap calon sing arep dibaptis lan tumrap umat sing wis nampa baptis kanggo ngéling-éling manèh baptis sing wis ditampa. Kajaba iku, mangsa Prapaskah uga dadi kalonggaran tumrap umat kristiani kanggo nggegulang semangat pamartobat, ing antarané srana luwih sregep mirengaké sabdaning Allah, luwih sregep sembahyang lan nindakaké amal katresnan, temahan siap ngriyayakaké kekeraning Paskah Dalem Gusti.
Sajroné mangsa Prapaskan iki, kita diajak nglelimbang téma Aksi Puasa Pembangunan (APP): “Sangsaya Gumregah Andum Berkah”. Lumantar téma iki, kita kabèh diajak ngatonaké sukur kita ing tindak kang nyata, ya marga nugraha baptis sing kita tampa. Konstitusi bab Liturgi Suci pratéla cetha yèn semangat pamartobat iku “aja mung mandheg ing batin lan dhéwé-dhéwé, nanging poma kalairaké lan asipat sosial kamasarakatan (SC 110). Iku jalarané déné APP taun 2019 iki ngajak kita kabèh supaya kita ngatonaké pamartobat iki, ing antarané srana andum berkah. Kanthi mangkono kaajab pamartobat iku ora mung mandheg ing ati, nanging kabukti ing tindak andum berkah.
Miturut Santo Paulus, kaya sing kita semak ing Waosan II, andum berkah iku nunggal surasa karo giyat tanpa pegat ing pakaryan Dalem Gusti (1 Kor. 15: 58). Déné miturut Injil Lukas sing lagi baé kita tampa pawartané, “giyat tanpa pegat ing pakaryan Dalem Gusti” ateges ndhudhah bab-bab sing becik saka lumbunging ati sing becik (Luk. 6: 45). Ngrumangsani yèn Gusti wis nindakaké bab-bab sing becik ing dhiri kita, wis samesthiné kita kajurung nindakaké kanthi tawekel bab-bab sing becik kanggo pepadha, kanggo sapa baé.
Sadulur-Sadulurku, umat katulik sawilayah Keuskupan Agung Semarang kang kinasih,
Andum berkah minangka wujuding pamartobat, bisa kita tindakaké ing antarané lumantar lan ing wewujudan iki:
1. Nyawang, mbiji, lan matrapi pepadha sacara positif. Upamané, saiki iki lagi ungsumé wong seneng nguman-uman lan mitenah pepadhané nganggo basa-basa sing kasar lan nglarani ati. Ayo kita migunakaké basa sing becik lan santun. Sajak trep banget apa sing diwartakaké ing waosan kapisan, pethikan saka kitab Putra Sirakh, “lumantar omongané, wong mratélakaké isining atiné” (Sir. 27: 6). Wong sing atiné becik, wis mesthi bakal omong nganggo tetembungan sing becik uga.
Gusti Yésus uga ngajak kita supaya kita ngrengkuh patrap wicaksana, aja nganti mbiji ala lan ngadili pepadhané. Pitakèné Gusti Yésus ing Injil (Luk. 6: 41–42), “Yagéné kowé nyawang bleduging tatal ing mripaté sadulurmu, kang mangka balok ing mripatmu dhéwé ora kosawang?” Iku dadi bahan panglimbang sing becik banget ing mangsa Prapaskah iki. Kita diélingaké supaya ora gampang mbiji ala lan ngadili pepadha kita, awit bab iki bakal ngrêrêndhêt pangupaya kita ngatonaké komunitasing katresnan sing manunggalaké lan nyampurnakaké (Téma Pepanggihan III APP).
2. Gerakan andum berkah iki uga trep banget kita papanaké ing blengkering pangupaya bareng mbabar karaharjaning umum utawa karaharjan bareng (bonum commune) sing dadi underaning pastoral 2019 ing keuskupan kita. Ing masarakat sing manca warna (multikultural) iki, kita ditantang nandangi bab-bab sing becik saakèh-akèhé, bareng karo sapa baé sing becik kekarepané, temahan karaharjan bareng sing kita gegadhang sangsaya bisa maujud. Déné carané, srana ngréka-daya kondhisi-kondhisining urip bareng, supaya pribadi/wong siji-siji lan klompok/komunitas masarakat, bisa nggayuh kapenuhaning urip ing katresnan lan kekadangan. Kita mekar-mekaraké terus semangat srawung kanggo ngrengkuh belarasa kang tulus.
3. Gerakan andum berkah kita tindakakaké ora mung marang pepadhaning manungsa, nanging uga marang alam lingkungan. Iki bisa kita wujudaké, upamané srana ngopèni (ngumat) lan ngayomi bumi saka sesuker larahan plastik. Wis wayahé kita ngresiki bumi saka larahan plastik iki srana nyuda anggoné nggunakaké plastik lan ora mbuwang larahan plastik sakarepé dhéwé.
Sadulur-Sadulurku, umat katulik ing wilayah Kauskupan Agung Semarang kang kinasih,
Ing kalonggaran mirunggan iki, aku sembahyang kanggo lan paring berkah episkopatku marang para Sadulur, umat ing Keuskupan Agung Semarang, luwih-luwih sing lagi nandhang gerah, sing lagi katempuh ing kangèlan, sing nyandhang kabutuhan kusus, lan sing adiyuswa. Muga welas asih Dalem Allah ngebaki ati, budi, lan urip panjenengan kabèh, temahan kita bisa ngayahi mangsa Prapaskah iki kanthi semangat tobat sing ana wujudé kanggo nampa kekeran agung Paskah. Berkah Dalem Gusti.
PRANATAN PASA LAN PANTANG TAUN 2019
Lelambaran ing Paugeran Pasoral 2016 Keuskupan Regio Jawa pasal 138 no. 2.b bab dina tobat, pranatan pasa lan pantang ditetepaké mangkéné:
1. Dina pasa taun 2019 iki tumindak ing dina Rebo Awu tanggal 06 Maret 2019, lan Jemuwah Agung tanggal 19 April 2019. Dina pantang tumindak ing dina Rebo Awu lan pitung Jemuwah sajroné mangsa Prapaskah nganti tekan Jemuwah Agung.
2. Sing wajib pasa yaiku saben wong katulik sing umuré wis ganep 18 taun nganti tekan ing wiwitaning taun ka-60. Sing wajib pantang yaiku saben wong katulik sing umuré wis ganep 14 taun munggah.
3. Pasa miturut angger, ateges sedina mangan wareg mung sepisan. Pantang miturut angger, ateges ora mangan daging utawa panganan liya sing dadi kasenengané. Marga pranatan pasa lan pantang cukup ènthèng, dakjaluk supaya sacara pribadi utawa bareng, upamané brayat, utawa lingkungan/wilayah, utawa komunitas pastoran/biara utawa komunitas séminari, netepaké cara pasa lan pantang sing dirasakaké luwih cocog karo semangat tobat lan matiraga sing kepéngin diwujudake. Minangka patrap tobat sing nyata, watara bab bisa ditindakaké lan adreng panjalukku, ing antarané:
a. Ing brayat, ing lingkungan utawa komunitas, digolèki wewujudaning pantang lan pasa sing cocog karo umur-umurané, minangka péranganing gladhi pangandel manut umur: umur-umur wiwitan lan anak, remaja lan kaum mudha, diwasa lan adiyuswa.
b. Ing dina Jemuwah lan dina liya sing dipilih, saben brayat/komunitas ngganti panganan pokok sing dadi kasenengané nganggo panganan saka bahan panganan lokal, mung lawuhan sajinis (kaya sing wis dadi gerakan ing watara paroki utawa komunitas nalika mèngeti Hari Pangan Sadonya/HPS).
c. Sajroné patang puluh dina ing mangsa Prapaskah, sacara pribadi utawa brayat utawa komunitas biara/pastoran/séminari, milih laku tobat sing luwih ndayani kanggo mujudaké katresnané.
d. Nemtokaké wujuding gerakan bélarasa, ya wujud gerakan karitatif ya wujud gerakan ndudut daya kang jembar pangaruhé kanggo alam sarta masarakat sakiwa tengené.
4. Poma diudi uga supaya saben wong katulik, ya pribadi ya bebarengan, ngudi nganyaraké urip karohanèné, upamané srana rékolèksi, retrèt, gladhi rohani, ngibadah dalan salib, nampa sakramèn tobat, médhitasi, adhorasi, lan liya-liyané.
5. Wujud salah siji tobat bebarengan ing mangsa Prapaskah yaiku Aksi Puasa Pembangunan (APP), sing diajab mengku pengaji lan pangaruh bisa nganyaraké pribadi, sarta mengku pengaji lan pangaruh bisa ngundhak-undhakaké bélarasa ing tingkat paroki, keuskupan, lan nasional.
Tema APP tahun 2019: “Sangsaya Gumrégah Andum Berkah” kaya kang dijlèntrèhaké ing buku-buku kang karacik dening Panitia APP Keuskupan Agung Semarang.
Semarang, 02 Fèbruari 2019
Ing dina riyaya Gusti Yésus dipisungsungaké ing Padalemaning Allah
Mgr. Robertus Rubiyatmoko
Uskup Agung Keuskupan Agung Semarang
Diterjemahkan ke Bahasa Jawa oleh:
Rm. Justinus Muji Santara SJ – Pastor Paroki Baturetno