NAWALA PANGON PÈNGETAN RIAYA KAMARDIKAN RÉPUBLIK INDONÉSIA KAPING 73

Ibu Maria Kapundhut Menyang Swarga Sabtu-Minggu, 11-12 Agustus 2018

“Muji Syukur Karana Pakaryan Kawilujengan Dalem lan Wohing Pakaryan minangka Prestasi Bangsa”

Para sadulur, umat Katolik KAS kang kinasih.
Dina iki Pasamuan Suci ngriyayakaké Ibu Maria kapundhut menyang swarga. Kita muji syukur awit nugraha kawilujengan kang wus padha kita tampa. Kanugrahan iki kang uga wus katampi déning Ibu Maria rikala samana. Sawusé Ibu Maria nampi nugraha iku banjur munjuk atur marang Gusti mangkéné: “Sukmaku memujia Pangéran, lan atiku bungah karana Allah karahayonku” (Luk 1:46-47).

Kanthi suka bingah Ibu Maria ngidung Magnificat, yaiku memuji Allah kang paring rahayu. Gusti Allah wus akarya manawa uripé manungsa iku migunani. Gusti Allah tansah makarya, saéngga sanadyan kita ngalami kasangsaran ana ing urip iki, ananging kasangsaraning manungsa iku ora muspra. Gusti Allah wus karsa ngangkat drajat lan martabating umat manungsa. Gusti Allah nresnani kang kasrakat lan akarya manawa kang kasrakat iku kajèn kèringan tumraping liyan.

Gusti Allah paring berkah marang Ibu Maria amarga Ibu Maria precaya marang sakèhing sabda kang kawedhar marang panjenengané (Luk 1:45). Kaprecayan iku kang dadi dhedhasaring sugengé Ibu Maria lan dadi kekuwatan nalika Ibu Maria ngalami pacobèn manéka warna. Rikala miyos Dalem Gusti, Ibu Maria wus ngalami kahanan kang sarwa mrihatinaké. Miyos Dalem Gusti ora ana ing papan kang samesthiné, kosokbalèné miyos ing kandhang kéwan. Banjur bebarengan karo Bapa Yusuf, garwa dalem, Ibu Maria kedah ngungsi tindak menyang Mesir; pungkasané, Ibu Maria mriksani piyambak séda Dalem Gusti Yésus, putrané, ana ing pamenthangan marga peputusan kang murang adil. Ing sajeroning pacoban warna-warna iku, Ibu Maria tetep setya, tatag, lan precaya marang sih kadarman Dalem Gusti Allah. Kita muji syukur karana kanugrahan kang wus katampi déning Ibu Maria, awit kanugrahan kang padha uga kita tampa amarga kita iki uga klebu putra-putri dalem Ibu Maria.

Kanugrahan iku sangsaya malubèr-lubèr nalika kita uga duwé kasetyan lan precaya marang Gusti Allah. Pakaryan Dalem Gusti iku uga tansah kita tampa nganti sepréné, kaya kang dingendikakaké déning Ibu Maria “sih kawelasan Dalem turun-tumurun, nglubèri para wedi asih ing Gusti” (Luk 1:50)

Para sadulur kang kinasih.
Ing kalodhangan kang mirunggan iki, ayo padha sembahyang kanggo para pahlawan kang wus séda labuh negara. Para pahlawan mau wus ngurbanaké dhiri murih kamardikaning bangsa bisa kagayuh lan tetep langgeng lestari. Muga-muga para pahlawan kaparingan nugraha urip langgeng ing swarga. Kita uga tansah muji syukur marang Gusti Allah kang tansah paring berkah marang bangsa kita, saéngga ing taun 2018 iki kita bisa ngriyayaké kamardikan Indonésia kang kaping 73. Pepréntahaning bangsa ngajak kita kabèh kanggo muji syukur karana pakaryan-pakaryan kang bisa kita rasakaké bebarengan iki dadi prèstasining bangsa. Téma riyaya kamardikan taun iki “Pakaryan kita: Préstasi bangsa”, sangsaya neguhaké manawa kemajuwaning pembangunan iki ora mung pambudidayaning para pengembating praja wae, ananging uga wohing pakaryan kabèh warganing bangsa. Mula wus pantes lan samesthiné manawa iki kabèh pantes sinebut prèstasi bangsa.

Anggoné padha ngakoni manawa pembangungan iki wohing pakaryan kabèh warganing masyarakat ngemu surasa lan pangajak supaya kita kabèh tansah mbudidaya bebarengan, gumregah, sayuk rukun, gotong royong murih bangsa kita sangsaya maju lan tumata becik sakabèhé. Déné carané: mbangun swasana urip kang linambaran paseduluran kang sangsaya rumaket. Kita tetep ngugemi urip lan ngrembakakaké “bhinéka tunggal ika”, tan hana dharma mangrwa. Kabèh iku bakal kita gegulang linambaran Pancasila, UUD 45 kanggo Negara Kesatuan Républik Indonésia.

Rasa nunggal sabangsa linambaran adeg jejeging patang prakara mau bisa dadi paseksèning bangsa-bangsa liyané, mirunggané negara-negara ing Asia kang bakal ngregengaké Asian Games ing Jakarta lan Palémbang tahun 2018 kanthi asesanti “Energy of Asia”. Dayaning paseduluran kang diugemi bangsa Indonésia bakal dadi kekuatan kanggo tetunggalaning ing Asia kanggo katentremaning donya.

Para sadulur kang kinasih.
Kanggo mungkasi Nawala iki aku bakal ngaturaké bab pèsta démokrasi kang wus kapratandhani Pilkada tahun 2018 lan bakal kasambung Pemilu Présidèn lan Lègislatif tahun 2019. Kalodhangan iku prayoga manawa bisa dadi sarana kanggo jejeg ajeging démokrasi kang luwih diwasa ing negara kita.

Kabèh umat Katolik dak suwun migunakaké hak pilihé kanthi wicaksana minangka wujud pangandel lan tanggung jawab kita dadi warganing bangsa. Mula dipadha trewaca mangertèni langkah lakuné Pemilu lan bisa kataliti apa wus kasebut ing daftar pemilih. Kango para sadulur kang katimbalan minangka calon legislatif prayoga manawa uga tansah netepi tata rakiting pranatan kang wus katemtokaké.

Para sadulur kang kinasih.
Ayo padha mahargya pèngetan bangsa kita iki kanthi kebak ing atur panuwun. Muga kalodhangan iki dadia sarana kanggo nyupeketaké pasrawungan kita ing tengahing masyarakat, ngudi guyub rukun sanadyan kita iki béda-béda. Mugi kita lan uga warganing masyarakat tansah tinarbuka mbangun pasrawungan murih budaya tresna kang dadi idham-idhamané KAS bisa kawujud.

Berkah Dalem Gusti tansah lumèbèr marang para sadulur kabèh, mirunggané kanggo bangsa kita. Merdeka!!!

Semarang, 5 Agustus 2018

† Mgr. Robertus Rubiyatmoko
Uskup Agung Keuskupan Agung Semarang