Manunggil ing Sang Kristus, Abélaraos Penuh ing Pangajeng-ajeng – Panduan APP 2022

Twitter
WhatsApp
Email

Puji syukur ing ngarsa Dalem Gusti awit sapunika kula lan penjenengan kepareng mlebet lan migunakaken mangsa Prapaskah kanggé cecawis dhiri mahargya tanggelaning pakaryan karahayon Dalem wonten ing Riaya Paskah samangké. Sampun kirang langkung kalih tahun dumugi sapunika, kita sedaya kedah nglampahi gesang salebeting Pandemi Covid-19, kalebet ugi maneka warni pengaruhipun. Kawontenan salebeting Pandemi èstu murugaken kita tansaya ngrumaosi kekirangan kita minangka titah ingkang sèkèng. Kinanthèn semangat solidaritas lan agenging pangajeng-ajeng, mugi kita sedaya saged nglampahi sedaya bot-repoting gesang salebeting pandemi punika.

Kita miwiti mangsa Prapaskah punika kanthi pahargyan Rebo Awu. Lumantar panampining awu, kita tansah dipun élingaken menggahing kasèkèngan kita ing ngarsa Dalem Gusti. Semanten ugi bilih gesang kita wonten ing alam donya punika namung sawetara. Menawi sampun dumugi titi wancinipun, kita sedaya badhe wangsul malih dados lebu minangka cikal bakaling kita tumitah. “Sarèhné kowé kuwi lebu, mula bakal bali dadi lebu menèh.” (Purwaning Dumadi 3: 19). Mangsa Prapaskah punika ugi dados wekdal mirunggan kanggé nglampahi laku pamartobat, inggih punika nilar sedaya prekawis dosa lan wangsul malih lumampah wonten ing margi Dalem Gusti. Salebetipun 40 dinten, kita badhe olah dhiri, inggih punika ngeduwungi sedaya kalepatan dosa kita lan martobat kinanthèn olah belarasa lan pangajeng-ajeng krana kasok tresna Dalem. Mangsa Prapaskah punika ugi dados wekdal kanggé retrèt agung supados kita tansaya rinengkuh ing katresnan Dalem lan asung katresnan menggahing sesami.

Wonten ing mangsa Prapaskah punika, Panitia APP KAS sampun nyawisaken Buku Pepanggihan APP Lingkungan. Mawi buku punika, mugi sedaya umat saged dipun biyantu anggènipun olah dhiri salebeting mangsa Prapaskah. Pepanggihan kanggé olah dhiri punika saged dipun adani wonten ing kelompok-kelompok alit tanpa nilar semangat njagi kesehatan lan keslametaning kita sedaya salaras kaliyan kawontenanipun kita piyambak-piyambak.

Nggatosaken Gerak Pastoral KAS ingkang kaandharaken wonten ing ARDAS KAS lan maneka warni dampak Pandemi Covid-19 ingkang mbok bilih taksih kedah dipun adhepi, wonten ing taon 2022 punika, Panitia APP KAS nyawisaken téma APP ingkang samangké dipun olah sesarengan, inggih punika: Manunggil ing Sang Kristus, Abélaraos Penuh ing Pangajeng-ajeng. Kanthi bahan lan téma APP punika, kita sedaya saged kabiyantu sajroning nglampahi retrèt agung mangsa Prapaskah taon punika. Mugi kita sedaya sageda lereng jroning sang Kristus, ndhèrèk wungu Dalem lan gesang kita sageda mawoh belaraos lan pangajeng-ajeng.